Selasa, 03 Februari 2015

GEGURITAN "SIMBOK"

Mbok...
Dakpandeng-pandeng awakmu katon ayu
Ora ngira yen yuswamu rong pindhaku
Pasuryanmu tansah ngademake atiku

Mbok...Simbok...
Dakbatin-batin awakmu kekes tenan
Ora ngira yen wis setengah abad
Uripmu lumaku

Mbok...Simbok...
Tirakat, luh, lan waspamu mung kanggoku
Samubarang kokterjang
Gur supaya anakmu bisa mulya

Mbok..Simbok...
Mboh kapan awak iki nggawe mulya
Saben dina gur tatu sing dakwehana

Mbok...
Pangapuramu kaya samudra
Sungkemku ora bakal ngilangake sayahmu

Ambaning jumantara iki saksi mbok,
Manawa awak iki ora bisa aweh kabegjan uripmu
Awak iki lila yen sliramu duka

Panyuwunku marang Gusti
Sliramu tansah gedhe ing kabegjan
Sliramu tansah wilujeng lan rahayu

Cluwak, 2 Januari 2015


4 komentar:

  1. hallo Bu Lina!
    saya Wulan, 9B.
    Visit blogku juga ya...http://anastasya-blog.blogspot.co.id/
    thanks :D

    BalasHapus
    Balasan
    1. nggih..kelas 9B ketoke ora ana sing jenenge Wulan ya ndhuk? Awakmu angkatan tahun pira?

      Hapus
  2. AKU NANGIS MOCO PUISINE SAMPEYAN......

    BalasHapus
  3. AKU NANGIS MOCO PUISINE SAMPEYAN

    BalasHapus