Kamis, 05 Februari 2015

GEGURITAN "SIGARANING NYAWA"

Sugih atiku merga sliramu
rasa tatu ana ing atiku
wis ora arep dakubrus
kuwi mung amarga awakmu

Dhuh...sigaraning nyawaku,
Esemmu kaya gumebyaring kartika ing ratri
tansah ngugemi anggaku
angga kang kaya-kaya sepi

Dadiya bagaskara ing wengiku
Kelap-kelap tanpa rasa sayah
Adus kringet anggepa susu
kanggo si siwi kang sinau tanpa wegah

Sigaraning nyawaku,
bagas waras dongaku,
wilujeng rahayu pangarep-arepku,
kanggomu sisihanku...


Tayu, 3 Febuari 2015





2 komentar: