Selasa, 30 September 2014

HOMONIM BASA JAWA

Selasa, September 30, 2014 1 Comments
Homonim yaiku tembung kang tulisane padha, pocapane padha, ananging tegese beda.

Tuladha:
Senin legi iki aku arep lunga Kudus. (tegese pasaran)
Semangkane rasane legi banget. (tegese manis).



Kayane sedina ora mung Rp 100.000,-. (tegese untung)
Rupane kaya bapake. (tegese mirip)

Kacane resiki ben katon bening. (tegese kaca)
Bukune buka kaca 23. (tegese halaman)

 R. A Kartini miyos nalikaning tanggal 21 April. (tegese lair)
Bapak nembe kemawon miyos. (tegese metu)

Kala dinten Senin, simbah sowan dhateng dalemipun pak dhe. (tegese wektu).
Supaya ora kena kala, aja lunga wayah surup. (tegese cilaka)

Sawahe wis di pethak-pethak arep dibagi.(tegese kotak)
Rambute pethak amarga padha rontok. (tegese botak)

Ceceg-ceceg iki isinana! (tegese titik)
Cecege nibani sirahku. (tegese kewan ceceg)

Sinome dikerok ben katon mangklingi. (tegese rambut sinom)
Ayo padha nembang sinom laras slendro. (tegese tembang sinom)





Senin, 29 September 2014

KAWRUH BASA "TATA CARA MANTON 1"

Senin, September 29, 2014 2 Comments
Krama utawa nikah kuwi wajib yen wis mampu. Adat kang digunakake minangka nikah, ana ing wilayah siji lan liyane uga beda. Ana ing Jawa Tengah wae kadang ana bedane. Ana posting iki, aku arep crita babagan tata carane mantu. Mantu iku miturut kerata  basa tegese eman-eman metu.
Mantu kuwi salah sawijining adat -istiadat kang tetep ngrembaka ing Jawa Tengah. Ananging, kadang kala ana kang disingkat lan diowahi sithik-sithik miturut kahanan. Ing ngisor iki, arep dakjelaske tata cara mantu.
1. Madik
Yakuwi milah-milih calon bojo. Ateges nek cara wong Pati unine ndhedheki. Wong lanang biyasane wis duweni wong kang ditresnani, banjur dipilih dadi calon bojone.
2. Utusan
Sawise milih, banjur wong lanang ngutus utusan kanggo mara ana omahe cah wadon kang dipilih mau. Basa liyane yakuwi nothok lawang.
3. Salaran
salaran yaiku plakune para utusan menyang omahe cah wedok.
4. Nontoni
Sawise wis dithothok lawange, bacah lanang biyasane wis wani dolan rada kerep nyang omahe calone. Ananging, yen dijodhohake, nontoni kuwi urutan kang penting, amarga nembe wiwitan ketemu calon bojone.
5. Lamaran
Prosesi iki, pihak lanang nglamar kanthi nggawa kaluargane lan uba rampe liyane.
6. Gethak dina
Urutan iki keluarga loro padha rembugan dina kang pas kanggo ijab-qobul.
7. Singsedan
Iki minangka pratandha yen bocah wadon wis ditaleni lan ora oleh goleh liyane. mangkono uga bocah lanange. Singsedan biyase arupa emas-emas kaya ali-ali utawa kalung.

8.  srah-srahan
pihak wong lanang aweh barang-barang kanggo pihak wong wadon. Biyasane srah-srahan ana ing Jawa ora ninggal panganan saka ketan. Miturut wong tuwa, supaya lengket trus oleh omah-omah.
9. Panitya/ Kumbakarnan
Iki mbentuk panitiya lan dikumpulake ing rapat kumbakarnan.
10. Pasang Tarub
Ateges pasang deklit, tratak, lan sapiturute.
11. Siraman
Pihak wadon nglakoni siraman
12. Dodol dhawet
Pihakwadon dodol dhawet lan dituku karo tamu-tamu nganggo kreweng.
13. Ngalub-alubi
Wong wadon calon manten di paes supaya mangklingi.
14. Midodareni
Bengi sadurunge acara ijab-qobul kuwi diarani midodareni. Biyasane diisi karo melekan utawa manten wadon diluluri lsp.
15. Ijab-qobul
Acara kang paling penting. Pratandha minangka pasangan wis sah dadi bojone.

Jumat, 26 September 2014

KAWRUH BASA "APA ITU WANGSALAN?"

Jumat, September 26, 2014 0 Comments
Wangsalan yaiku unen-unen kaya dene cangkriman ananging, jawabane wis cumawis ana ing ukara. Ukarane memper ora persis.

Ing ngisor iki tuladha wangsalan kang digawe karo panganggit blog iki.

Bocah cilik kok ngembang lombok, menik-menik kudu tak ambung.
ngembang lombok = menik

Dadi pejabat aja mutra ceceg, sawiyah-wiyah marang wong cilik.
mutra ceceg= sawiyah

Sayeng kaga, kala-kala mrenea!
sayeng kaga= kala

Yen ngomong aja nggodong lempuyang, lirih ora krungu.
godhong lempuyang=lirih

Drona putra, tugasing siswa sing utama  kudu sinau.
drona putra=aswatama


Kucing alas, olehe maca sing seru.
kucing alas=macan

Kok padha ngewit aren, runtung-runtung olehe arep lunga.
ngewit aren=ruyung

Wis wayahe ngewit kacang.
ngewit kacang=rendeng

Dadi bocah aja ngembang duren, dlongap-dlongop wae.
ngembang duren=dlongop

Jambu manca, olehe mlaku aja mbungkuk.
jambu manca=jambu bangkok

Omah dara, yen ana salah nyuwun pangapunten.
omah dara=pagupon




Rabu, 17 September 2014

KAWRUH BASA "10 CONTOH SANEPA"

Rabu, September 17, 2014 1 Comments
Sanepa iku unen-unen kang duweni teges mbangetake, lan nganggo tembung kosok balen.

Ing ngisor iki tuladhane sanepa gawenanku. Intine menawa nggawe sanepa iku luru kosok balene.
1. Banyune bening peceren.
(tegese butheg)
2. Pedes gula Jawa.
(tegese legi)
3. Legi asem Jawa.
(tegese kecut)
4. Kulite ireng mori.
(tegese putih)
5. Awake lemu biting.
(tegese kuru banget)
6. Mripate sipit mripat iwak.
(tegese mripate amba)
7. Empuk watu.
(tegese atos)
8. Raine resik rembulan.
(tegese raine bolong-bolong)
9. Sepi pasar.
(tgese rame banget)
10. Rambute ireng rambut jagung.
(tegese rambute abang/pirang)

Rabu, 10 September 2014

GEGURITAN SANDI ASMA "CAKRA MANGGILINGAN"

Rabu, September 10, 2014 0 Comments
cakra manggilingan
Mas....aku arep crita

Uriping janma kaya cakra manggilingan

Lingsir munggah uga mudhun

Imane kaya ditata amarga dicoba

Nalika ana ing jumantara uga


Nalika lagi dicoba ana ing paling asor

Asore kahanan kudu disabari supaya bisa

Tumata olehe nglakoni urip

Umpama kahanan asor bisa mbalik ana ing jumantara

Sabar lan sareh kudu sansaya ngrembaka ana ing ati



Cluwak, 10 September 2014 

Selasa, 09 September 2014

KAWRUH BASA "DASANAMA/SINONIM DINA LAN PASARAN"

Selasa, September 09, 2014 0 Comments
Kali ini tiba-tiba ingin ngepost soal nama lain dari hari dan pasaran Jawa alias dina lan pasaran. Saya ingin ngepost karena di soal uji kompetensi pada lembar kerja kelas 9, ada nyempil pertanyaan mengenai nama lain dari dina lan pasaran. Kali ini saya tuliskan ya...

Minggu/ Ahad = Dite
Senin               = Soma
Selasa              = Anggara
Rabu                = Budha
Kamis              = Respati
Jumat               = Sukra
Sabtu                = Tumpak

Nah kalau pasarannya, nama lainnya seperti ini

Legi               = Manis
Kliwon          =  Kasih
Paing             = Jenar
Wage             = Cemengan
Pon                = Palguna

Sekarang kalau sabtu wage, nama lainnya adalah tumpak cemengan. Sabtu itu tumpak, dan wage itu cemengan.

Nah begitu ya,,,,
Mugi-mugi migunani....

Jumat, 05 September 2014

MACAPAT GAMBUH

Jumat, September 05, 2014 1 Comments

     Video di atas adalah asli suara saya. Video di atas saya buat untuk materi pembelajaran kelas VIII. Dalam materi kelas VIII semester 1 kurikulum 2013, terdapat pembelajaran mengenai tembang macapat serat wulang reh. Saya memilih salah satu cakepan yang terdapat pada pupuh gambuh serat wulangreh. Gambuh memilki jumlah 5 gatra atau baris. 

Berikut cakepan tembang gambuh yang saya pilih.

Pitutur Bener iku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu, saking wong sudra papeki
Lamun becik wurukipun
Iku pantes sira anggo

Nilai luhur yang bisa diambil dari pupuh gambuh, cakepan di atas adalah "kita harus meniru hal-hal yang baik yaitu nasihat yang mengarahkan ke jalan kebenaran, jangan sampai keluar dari jalur dan lebih baik belajar untuk diri kita sendiri."

Untuk mempelajari materi gambuh ini saya sudah membuat Media Pembelajaran Macapat. Semoga posting saya bermanfaat.