Senin, 31 Agustus 2015

ATER-ATER TRIPURUSA


Ater-ater adalah imbuhan yang ada di depan kata dasar. Menurut buku paramasastra gagrag anyar, ater-ater dibagi menjadi tiga. Ater-ater itu adalah anuswara, tripurusa, dan lain-lainnya. Ada di posting ini, bu Linna membahas tentang ater-ater tripurusa.
Ater-ater yaiku wuwuhan kang manggon ana ing sangareping tembung lingga. Ana ing bahasa Indonesia, ater-ater diarani awalan, dene ing bahasa Inggris diarani prefix. Miturut buku paramasastra gagrag anyar, ater-ater kaperang dadi telu. Ater-ater kuwi yaiku anuswara, tripurusa, lan ater-ater liyane. Ana ing posting iki, bu Linna ngrembag ater-ater tripurusa.

Ater-ater Tripurusa

Ater-ater tripurusa dibagi menjadi tiga yaitu dak-, kok-, dan di-. Biasanya digunakan di dalam kalimat pasif.
Ater-ater tripurusa kaperang maneh dadi telu yaiku dak-, kok-, lan di-. Ater-ater tripurusa biyasane dianggo ing ukara tanggap. Minangka wujud saka sesulih purusa.


Contoh=

Ater-ater (dak-) yaitu untuk pengganti subjek aku.

Ater-ater (kok-) yaitu untuk pengganti subjek kamu.

Ater-ater (di-) untuk semua subjek.

Tuladha=

Ater-ater (dak- ) yaiku kanggo sesulih aku.
Sega dakpangan.
Ukara ing dhuwur duweni teges sega dipangan aku.

Ater-ater (kok-) yaiku kanggo sesulih kowe.
Sega kokpangan.
Ukara ing dhuwur duweni teges yen sega dipangan kowe.

Ater-ater (di-) yaiku kanggo sesulih wong liya. Biyasane jejer kajaba aku lan kowe.
Sega dipangan bapak.
Ukara ing dhuwur negesake yen sega kuwi dipangan bapak.


sumber: paramasastra gagrag anyar, wikipedia

10 komentar: