Selasa, 25 Agustus 2015

ASAL-USUL SENDANG SANI


Sendang Sani minangka salah sawijining panggonan kang ana ing Tlatah Kabupaten Pati yaiku ana ing Kecamatan Tlogowungu. Nalika semono, Sunan Bonang, Ki Rangga lan para santrine arep tumuju ing padhepokan Sunan Muria. Senajan panggonan kang arep dituju adoh, nanging Sunan Bonang ora katon sayah babar blas.

Sunan Bonang lan para santrine nalika mlebu wektu sholat dzuhur mandeg lan maringi dhawuh marang Ki Rangga supaya golek banyu kanggo wudlu. Ki Rangga lan para santrine padha bingung amarga ing panggonan kono ora ana banyu. Pirsa para santrine bingung, Sunan Bonang ngendika sinambi gumujeng menawa kudu tansah nyuwun mring Gusti Allah, muga-muga ana ing wit gedhe kono ana banyu kang mili.

Sunan Bonang ngutus para santrine njaga panggonan mau lan cepet-cepet maringi kabar yen ana kedadean apa wae. Ki Rangga lan para santri banjur nunggoni ing sangisore wit gedhe mau nganti keturon. Sawise tangi padha kaget amarga klambine teles lan panggonan kono kebak banyu. Ki Rangga lan para santri mau padha seneng nganti lali welinge Sunan Bonang. Kepara Ki Rangga lan para santri padha adus ing sumber mau.

Nalika Sunan Bonang mbalik ing panggonan mau, pirsa tumindake para santrine banjur ngendika, "Ki Rangga isih eling ora pesenku? Apa wae kedadean ing kene aku kabarana, aja malah nglangi kaya bulus." Sanalika Ki Rangga lan para santri mau malih dadi bulus. Sunan Bonang ora sida mundhut banyu amarga wis reged sisane Ki Rangga lan para santrine. Banjur panggonan kono misuwur kanthi jejuluk sendhang sani. Sendhang ateges sumber banyu, dene sani yaiku sisa.

sumber: widga17.blogspot.com

18 komentar:

  1. Apik banget cerito sendang sani ing nduwur mau.

    BalasHapus
  2. Crito ing nduwur mau, ngiling ake kang dadi wong kuwi kudu manut pesen wong tuwo, lan ojo nglanggar supaya ora dadi kedadeyan kang cilaka.

    BalasHapus
  3. Crito ing nduwur mau, ngiling ake kang dadi wong kuwi kudu manut pesen wong tuwo, lan ojo nglanggar supaya ora dadi kedadeyan kang cilaka.

    BalasHapus
  4. Cerita ing nduwur apik banget

    BalasHapus
  5. Critane ing duwor mau,,saget ndadekke pelajaran,supoyo nglaksanak Aken pesen seng diwenehi wong tuwo lan Ojo sampe nglanggar

    BalasHapus
  6. Cerita ing nduwur apik banget, biso ndadekke pelajaran supaya nglaksanak aken pesen seng diwenehi wong tuwo lan ojo sampek nglanggar

    BalasHapus
  7. Cerita ing nduwur apik banget, biso ndadekke pelajaran supaya nglaksanak aken pesen seng diwenehi wong tuwo lan ojo sampek nglanggar

    BalasHapus
  8. Crito ing nduwur mau, ngiling ake kang dadi wong kuwi kudu manut pesen wong tuwo, lan ojo nglanggar supaya ora dadi kedadeyan kang cilaka.

    BalasHapus
  9. Amanat kang disampekake yaitu kita Ojo dadi wong sing tledor kudu eling Lang manut pesen e wong sing luweh tuwo

    BalasHapus
  10. Amanat sing di sampekake yaiku kita kdu manot kata katane wong sing luwih tuo LAN oj seneng mbadali wong sing luwih tuo

    BalasHapus
  11. Bags banget jadi makin terinspirasi untuk melestarikan kebudayaan jawa

    BalasHapus