Senin, 19 Juli 2021

Teks Narasi Basa Jawa

Senin, Juli 19, 2021 1 Comments

Wacan narasi yaiku wacan kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya-kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. 


Utawa wacan kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang winates ing sajroning wektu. Wacan narasi iku adate nengenake urutan lan lumrahe ana tokoh ing sajroning crita.


Kang kalebu wacan narasi iku kayata biografi, pengalaman pribadi, lan karya sastra awujud cerkak, novel, uga drama. Karya sastra wujud cerkak, novel, lan drama utawa sandiwara iku kalebu wacan narasi amarga ing kana ana prastawa utawa kedadeyan kang kasusun ing sajroning wektu. Wacan narasi kasusun miturut rerangkening kedadeyan utawa kang lumrah diarani alur.

Jenis Wacan Narasi

Narasi Ekspositoris

Narasi ekspositoris yaiku wacana kang mung menehi katrangan lugu/apa anane, upamane: Siswa nyeritakake kedadeyan ana ing jero kelas nalika piwulangan Basa Jawa. Utawa Jaksa nyritakake kedadeyan rajapati ing pengadilan. Tuladha: biografi, autobiografi, kisah pengalaman pribadhi.

Narasi Sugestif

Narasi sugestif yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen-angene wong kang maca. Kabeh crita rekan iku kalebu narasi sugestif. 
Tuladha: novel, cerkak, dongeng, roman, lan hikayat.

Titikane Narasi Ekspositoris lan Narasi Sugestif

1) Narasi ekspositoris, titikane kaya mangkene.

a) Njembarake wawasan utawa pangerten.
b) Mbeberake katrangan bab prastawa.
c) Adhedhasar nalar supaya padha sarujuk.
d) Basa informatif, tembung denotatif.

2) Narasi Sugestif, titikane kaya mangkene.

a) Mbeberake makna kang sinandi.
b) Nguripake pangangen-angen (imajinasi).
c) Nalar mung kanggo nggayuh surasa (makna), yen perlu nalar dilirwakake.
d) Basa figuratif, tembunge konotatif.
d. Trap-trapane Nulis Narasi

Trap-trapane nulis narasi.


1) Nemtokake tema karangan.
2) Nemtokake tujuan karangan.
3) Nglumpukake bahan-bahan karangan.
4) Nata rantamaning karangan.
5) Ngembangake rantaman/kerangka karangan.


source: 

Agustina, Tri Yunika. Modul Pengayaan Bahasa Jawa untuk SMP/MTS Kelas VII Semester 1. Surakarta: Putra Nugraha.