Senin, 10 Januari 2022

Wacana Deskripsi Bahasa Jawa

Senin, Januari 10, 2022 90 Comments

 Assalamu'alaikum... Sugeng pitepungan kaliyan bu Linna.. Ing pitepungan iki, bu Linna badhe mbahas babagan "Wacana Deskripsi". 



Pangerten Deskripsi

Wacana deskripsi iku wacana sing nggambarake salah sawijining kahanane barang, s wasana, lan kedadeyan (peristiwa) kanthi sagamblang-gamblange nganti wong sing maca kaya-kaya bisa weruh, krungu, lan ngrasakake barang utawa kahanan kang digambarake (dideskripsikake) mau.

Tuladha Wacana Deskripsi

Kedadeyan alam (nggambarake banjir, gunung njeblug, lindhu, lan liya-liyane)

Banjir ing desa Suka Maju nggawe ati miris. Banjir kang kedadeyan ing dina Senin sore kuwi ndadeakake kahanan desa Suka Maju nggegirisi. Dalanan kebak lendhut, omah-omah suker, tetuwuhan padha ambruk. Tumekan dina iki, listrik lan PAM isih mati. Kahanan kuwi sansaya nggawe warga desa Suka Maju nelangsa. 

......................................................................................................................................................................

Kedadeyan padinan (nggambarake swasana pasar, sekolahan, omah, wong, lan liya-liyane)

Ibuku kuwi pawongan kang paling penting ing uripku. Pawongane kulite putih, rambute ngombak, irunge mbangir. Andeng-andeng ing irunge ndadekake ibuku sansaya ayu. Ibuku kuwi dedege semedeng, ora cendhek ya ora dhuwur. 

..........................................................................................................................................................

Kedadeyan prastawa budaya (nggambarake sekatenan, barikan, sedhekah laut, pentas seni, kirab budaya, kabumi, nyadran, lan liya-liyane)

Lomban kupatan Tayu dianakake saben taun seminggu sawise bodho Idul Fitri. Kahanan ing lomban kupatan saben taun rame banget. Ana prau-prau jejer-jejer ing kali Tayu padha ngenteni momotan. Ana ing tanggul rame bakul-bakul padha mrema dagangane. Sangarepe TPI ana panggung dangdut nambah ramene lomban kupatan.

...........................................................................................................................................................