WATAK WANTU LAN SASMITANING TEMBANG MACAPAT
sinau bareng
Kamis, November 26, 2015
0 Comments
Assalamu'alaikum, bu Linna badhe mbahas babagan sasmita lan watak wantune tembang macapat. Ana ing tulisan sadurunge, bu Linna sampun ngandharaken babagan priye carane supaya gampang ngapalake 11 tembang macapat kanthi nggawe jembatan keledai.
Kanggo ngelingake, waca tulisan iki macapat
Ana ing tulisan bu Linna liyane, uga wis nate ngrembag babagan pathokan tembang macapat. Ana ing tulisan kuwi, bu Linna uga maringi tuladha kepriye carane nentokake pathokaning tembang macapat.
Kanggo ngelingake, waca tulisan iki paugeran-tembang-macapat
Ing tulisan iki, ana sasmita lan watak wantune tembang macapat. Apa kuwi sasmitaning tembang? Sasmitaning tembang yaiku pratandha kang ana ing tembang utawa tegesing tembang. Dening watak wantune tembang yaiku watak kang nggambarake tembang macapat.