Selasa, 24 November 2015

TATA CARA MANTON (2)

Assalamu'alaikum, bu Linna arep ngandharake babagan tata cara manton nalika ngepasi adicara manten utawa tempuking gawe. Adicara tempuking gawe nalika mantenan yaiku:

  • Midadareni
Midadareni yaiku adicara sadurunge ijab lan qobul. Midadareni kena ditegesi kaya widadari. Manten putri ana ing adicara midadareni yaitu dikerik, dilulur, lan sapanunggale, mula kuwi kaya widadari sewengi. Ana ing adicara midadareni yaiku ketemu antarane kaluwarga manten kakung lan putri.

  • Ijab Qobul
Adicara ijab lan qobul iki yaiku intining saka adicara mantenan. Ana ing akad utawa ijab qobul iki, manten kakung ngucapake janji ana ing ngarepe mertuwa lanang, penghulu, lan para saksi. Banjur entuk surat resmi saka KUA kang dadi pratandha resmining gegayutan antarane wong lanang lan wong wadon.

  • Panggih
Sawise ijab lan qobul, manten loro dipanggihake banjur ditutukake karo adicara balang-balangan gantal/ suruh.

  • Balangan suruh/ gantal
Adicara balangan suruh yaiku manten lanang lan putri padha balang-balangan suruh kang duweni teges bilih beda ananging padha tresnane. Manten lanang suruhe aran gondhang tutur, dene manten putri gondhang kasih.

  • wiji dadi
penganten kakung ngidak endhog, banjur manten putri wisuh sikile manten kakung nganggo banyu kembang. Tegese wiji dadi yaiku wong wadon kang kudu bekti marang wong lanang.

  • sinduran
Bapak manten putri ngiring manten loro nganggo kain lumaku alon-alon tumuju ing pinarakan kang duweni teges bilih penganten loro wis katampa dadi kaluwarga.

  • Timbangan
Bapak manten putri mangku manten loro kang duwe teges bilih anak mantu wis dianggep kaya dene anake dhewe.

  • Kacar-kucur
Penganten lanang aweh barang kaya dene beras, dhuwit recehan, ana ing pangkone manten putri. Kacar-kucur duweni teges supaya wong lanang nafkahi kaluwarga, lan wong wadon kudu bisa njaga lan ngatur dhuwit mau.

  • Dulangan
Penganten loro padha dulang-dulangan minangka duweni teges seneng lan susah digotong bareng-bareng.

  • Sungkeman
Manten loro padha sungkeman urut-urutan saka bapak, ibu, lan bapak, ibu mertua.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar