Rabu, 04 November 2015

INI TEKS LOMBA BERCERITA JAWA DAN MENDAPATKAN JUARA 1

RARA MENDUT

Rara Mendut kuwi bocah wadon kang ayu banget.  Dheweke digulawentah dening Adipati Pragola. Adipati Pragola duwe pepinginan supaya Mendut bakale dadi garwane. Ananging, amarga Kadipaten Pati kang kalebu wilayah Mataram ora gelem nyetor upeti, akhire Sultan Agung lewat Tumenggung Wiraguna nyerang Pati.
 “Wiraguna, Kadipaten Pati iki mbalela, ora gelem nyetor upeti, aku ndawuhi kowe supaya nyerang Pati.” Sultan Agung ngendika marang Tumenggung Wiraguna.
 “Sendika dhawuh gusti Sultan.” Tumenggung Wiraguna mangsuli kanthi sopan.
Banjur, Tumenggung Wiraguna kanthi gagah prakasa nggawa prajurit Mataram menyang Pesisir Lor Jawa yaiku Kadipaten Pati.  Ana ing Kadipaten Pati, Tumenggung Wiraguna nemoni Adipati Pragola kang wayah kuwi dadi panguwasa Pati.
 “Pragola, serahna upetimu saiki!!!”
 “Kenapa aku kudu aweh upeti kanggo Mataram?” semaure Adipati Pragola rada ngremehake Tumenggung Wiraguna.
Tumenggung Wiraguna ora trima diremehakae, kanthi paraupan abang mbranang, piyambake duka. “O….nantang kowe. Prajurit… serbu….serbu….!”
Kadipaten Pati ajur mumur diorak-arik para prajurit Mataram. Banda lan donya dirampas kalebu Rara Mendut kang dadi hadiah kanggo Tumenggung Wiraguna. Rara Mendut kang wis tresna karo Panacitra, abot banget ninggalake Pati. Tanpa pamit, Mendut diboyong menyang Mataram karo Tumenggung Wiraguna.



Ing Mataram, Nyai Ageng, garwane Wiraguna sayang karo Mendut kaya anake dhewe. Ananging, dheweke ora bisa nolak kepinginane garwane Wiraguna kang pengin nggarwa Mendut. Ing sawijining dina, Wiraguna pengin nglamar Rara Mendut.
 “Mendut, iki wis wayahe. Kowe kuwi hadiah kang diwenehake Pati kanggo aku. Aku pengin ndadekake kowe selirku.” Wiraguna ngendika rada kasar.
 “Kula boten purun Tumenggung.” Rara Mendut mangsuli karo paraupan melas lan rada wedi.
 “Kenapa ora gelem?”
Mirsani garwane saya ora sabar,  Nyai Ageng nengahi,  “Mendut, ndhuk, kowe ora bisa endha. Kowe kudu gelem. Kowe kuwi hadiah kanggo Wiraguna saka Pati.”
Mendut meneng wae. Wiraguna ngamok merga tresnane ora ditampa. Banjur ngendikan, “Nek ngono, pajak tak undakna. Kowe kudu mbayar pajak 10 real!”
Pajak semono kuwi abot kanggo Mendut. Akhire dheweke saben dina menyang pasar. Mendut dodol rokok. Dhuwit saka adol rokok mau dianggo mbayar pajak karo nguripi awake dhewe. Mendut lungguh banjur nglinting rokok lan dilem karo idune. Rokok kang wis dilinting banjur diemut lan diudud.
 “Rokok…rokok..Rokoke Mas, Rokoke Pak?” Mendut nawani dagangane karo wong-wong ing pasar. Wong lanang, enom tuwa padha kepincut. Jare,  rokoke mendut rasane beda. Rasane luwih manis. Saya suwe rokoke mendut terkenal ing Mataram. Saben dina akeh wong antri mung kanggo tuku rokoke Mendut.
Dicritakake yen Panacitra sawise ditinggal Mendut, let sedela nyusul ing Mataram. Dhewe ing Mataram dadi pekatik yaiku wong kang ngurusi jaran. Panacitra akhire bisa nemokake Mendut. Mendut seneng banget bisa ketemu maneh karo Panacitra.
Mendut lan Panacitra saben bengi meneng-meneng ketemu tanpa dingerteni Wiraguna. Ananging, saya suwe Wiraguna curiga. Wiraguna curiga amarga Mendut kerep lelungan wayah bengi tanpa pamit ing dheweke. Wiraguna ngamuk nyegat Rara Mendut, “Mendut!!! Saka ngendi kowe?”
“Saking sadean Tumenggung.”
“ Ngapusiii!!!”
Wiraguna ngamuk gedhe, banjur Mendut dipecuti. Ananging, kedadean kuwi ora nggawe Mendut kapok. Ing sawijining dina, tengah wengi Mendut metu ndelik-ndelik ketemu karo Panacitra. Wiraguna nututi saka mburi. Ngerti lelakone Mendut, muntab amarahe. Panacitra dikabruk.
 “Sapa kowe?!!! Wani-wanine ketemu karo Mendut calon bojoku!!!!”
Panacitra ora bisa ngelak. Tukaran ora bisa kaselaki. Wong loro padha gelutan. Pungkasaning, Wiraguna ngetokake kerise. Keris mau banjur dituncepake ing Panacitra. Rara Mendut mbengok.
 “AAAAAAAA…. Kakang Panacitra!!!!!”
Tanpa pikir-pikir, keris kang tumancep banjur dijupuk lan Rara Mendut nuncepake keris mau ing awake. Wiraguna kaget lan lemes.
 “Mendut…Mendut…Kenapa kowe??”
Wiraguna mung bisa getun ngingeti Rara Mendut mati ing ngarepe.

Crita Rara Mendut iki nduweni pitutur luhur menawa dadi wong aja padha mentingake kepentingane dhewe. Kudu mikirake wong liyan. Mula kuwi, dadi generasi mudha kudu tansah mentingake kepentingan negara kanthi rasa gumregah.

Gumregahing Pemudha
Dening : Mu’linnatus Sa’dah, S. Pd

Ilining ludira ing jroning raga
Nyawiji karo muntaping rasa iki
Gumregahing daya dadi pratandha
nyawijining bangsa ora bisa kaselaki

Sumpah pemudha iki
ora mung janji
kuwi bukti nyawijining pertiwi
Bangsa, basa, lan bantala mung siji
yaiku Indonesia Raya Bumi Pertiwi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar