Rabu, 11 November 2015

GEGURITAN SISWA KELAS IX-A (1)

Geguritan ing ngisor iki kalebu geguritan sandi asma kang digawe lan ditumpuk minangka tugas terstruktur kelas ix.




SIMBOK

Kang dados dwija marang dumadiku
Iluhmu dadi rasa kalbuku
Rasa sayah lan lara kalbumu
Amarga tumindakku
Nanging banjur dak lalekke
Apa tumindakku iki bener gusti
Aku iki namung janma biasa
Nanging aku janma kang kakean tumindak
Gayuhku pengen mbahagiakke panjenengan,mbok.....
Giris amargi mboten ngurmat marang panjenengan kadang dadosake goyah marang kalbuku.
Isaku namung ndamel lara kalbumu,mbok.....
Tulung mbok,ngapurani raga iki kang kerep ndamel gela rasa kalbumu

Dening: Kirana Anggit R

SIMBOK

Awakmu tansah pambudi luhur
Lelamunku marang sliramu
Isih akeh banget salahku marang sliramu
Simbok, sliramu tansah becik
Pangapuntenku pangucapaken
Ingkang jenengan ingkang kula tresnani
Tresnaku marang sliramu bangetake gedhe
Rakerasa banyu tiba saka pangliatanku
Ilu kang nandhake senengku
Aku eling marang sliramu mbiyen
Nestapaku eling pangorbananmu

Dening : Alis Fitrian

PAHLAWANKU

Sliramu dadi dalan kemerdekaan
Elingmu mung nylametke bangsa
Ra peduli najan awakmu pada benjut
Lan awan bengi nantang maut
Yen indonesia merdeka
Dene amerga semangatmu kang koyo geni
Wong kang bela negeri
Ingkang ngobong kabeh pasukane kompeni
Lelakumu kang patut ditiru
Endah lan suci baktimu
Seneng marang negerimu
Tahun papat lima indonesia merdeka
Anggonmu rekasa ra sia sia
Ragamu tansah welingan marang awakku
Ingkang dadi panutanku


DENING ; SERLY DWI LESTARI

Tidak ada komentar:

Posting Komentar