Kamis, 26 November 2015

WATAK WANTU LAN SASMITANING TEMBANG MACAPAT

Assalamu'alaikum, bu Linna badhe mbahas babagan sasmita lan watak wantune tembang macapat. Ana ing tulisan sadurunge, bu Linna sampun ngandharaken babagan priye carane supaya gampang ngapalake 11 tembang macapat kanthi nggawe jembatan keledai.

Kanggo ngelingake, waca tulisan iki macapat


Ana ing tulisan bu Linna liyane, uga wis nate ngrembag babagan pathokan tembang macapat. Ana ing tulisan kuwi, bu Linna uga maringi tuladha kepriye carane nentokake pathokaning tembang macapat.

Kanggo ngelingake, waca tulisan iki paugeran-tembang-macapat


Ing tulisan iki, ana sasmita lan watak wantune tembang macapat. Apa kuwi sasmitaning tembang? Sasmitaning tembang yaiku pratandha kang ana ing tembang utawa tegesing tembang. Dening watak wantune tembang yaiku watak kang nggambarake tembang macapat. 

Watak lan panganggone Tembang Macapat


1. Maskumambang : Awatak nalangsa, kanggo medharake rasa prihatin.
2. Pocung: Awatak kendho tanpa greget, kanggo medharake, sembrana.
3. Gambuh: Awatak wani wanuh, kulina lan rumaket.
4. Megatruh: Awatak sedhih, kanggo medharake rasa memelas, getun, lan prihatin.
5. Mijil: Wetuning rasa, mituturi, kanggo medharake bukaning carita utawa mangayubagya.
6. Kinanthi: Awatak seneng, tresna, lan asih.
7. Asmaradaa: Awatak sedhih, sengsem, prihatin.
8. Pangkur: Awatak sereng, kejem, nantang.
9. Durma: Awatak galak, nantang, nesu, lan muntab.
10. Sinom: Awatak grapyak, sumanak, lan renyah.
11. Dhandhanggula: Awatak luwes, kawes, lan resep.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar