Sabtu, 14 November 2015

GEGURITAN KELAS IX-C (1)

NEGARAKU

Negaraku Indonesia
Negara kang duweni tata krama
Sopan santun nomor siji
Banjir,tanah longsor,kebakaran alas
Iku wes biasa
Nanging sapa kang nimbulake ?
Yen wis ngene iki tumindak rakyate
Kenapa rakyat Indonesia kurang nganggep ?
Yen padha ngono sapa sing rekasa
Sapa sing resah
Sapa sing salah
Ora mungkin bumi ngrusak negara
Luwih becik padha nganggep
Supaya negara iki...
Dadi negara kang makmur
Negara sing aman lan nyaman
Supaya dheweke dewe ora duwe rasa kuater
Marang negara iki
Salamku marang rakyat

ANIK FARHATUN NI'MAH

KANCA

Kanca...
Saben ndina kowe gawe aku seneng
Ora tau nglarakno atiku
Dina dina rasane sepi ora ana awakmu
Amerga awakmu penyemangat urepku
Kanca...
Ngapuntene nak aku salah karo awakmu
Salah sing iso gawe kuwe lara ati
Nanges sedina sewengi gara-gara aku
Aku serasa salah teros ning ngarepmu
Kanca...
Aja nganti kowe ninggalno aku
Aku ora bisa urep ora ana awakmu
Awakmu sing apikan
Ora bisa luntur nak njero atiku
Kanca...
Mater suwun wis ngisi dina dinaku
Dina dina sing ayem tentrem
Awakmu pancen pantes dadi kancaku
Aku tresna marang sliramu kancaku

Dening : Endah Dwi Nofita


IBU

Wektu jaman semana
Ibu sing njaga saben dina
Dadi panutanku lan mbenerake tumindakku sing ala
Yen aku salah dibenerake
Aku ra iso bales jasamu nalika semana
Rina wengi mesthi ngajari aku
Ibu matur nuwun kanggo kabeh jasamu
Nalika jaman semana akih luputku
Ibu aku nyuwun gedhe pangapuramu


DENING:WIDYA RINI

Tidak ada komentar:

Posting Komentar