Senin, 16 November 2015

GEGURITAN KELAS IX-D (1)

ILMU

Aku bisa pinter merga ilmu
Semana suwene tak luru
Ilang rasa wegah iki
Hasile ya mesti wis becik
Nanging aku kudu sinau
Opo maneh aku wis kelas telu
Paringana ilmu kang barokah
Ing alam donyo lan akhirat
Aku janji ra bakal lali
Tekat iki kang dadi bukti
Insyaallah aku bisa mulya

Dening : Asih Noviati

Katresnan

Wiwit mbiyen kae
Aku tansah mikir awakmu
Nadyan kowe wes ana sing nduwe
Dadi aku mung bisa nyawang
Amarga iki aku sadar
Aku iki mung manungsa
Pasrah aku yen kowe lunga
Rekasane ya mengkene
Ilang rasa tresna iki
Lumakune wektu
Ing bengi tansah mung kowe
Aku mung bisa ndonga


Dening: Wanda Aprilia Putri

Guruku

Guruku,
Wayah esuk sliramu teka
Panase srengenge ora dadekna sungkawa
Esem lan donga dadekna aku ngerti donya
Guruku,
Digugu lan ditiru
Ora ditinggal turu
Ora banjur guyu
Ditiru solah bawane, lan digugu pituture becik
Guruku,
Mung sliramu sing dadi pepujanku
Paring ilmu ora nyawang waktu
Aku ora bakal lali marang kabeh sliramu
Ora ono piwales sing bisa ngganteni
Aku mung bisa matur, agunging panuwun marang sliramu guru

Dening : Elisa Aulia Fadhilah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar