Minggu, 07 November 2021

Komik Bahasa Jawa Materi Cerita Pengalaman Pribadi

Minggu, November 07, 2021 2 Comments

 Assalamu'alaikum.. Sugeng pitepungan malih kaliyan bu Linna. Ing pitepungan iki, bu Linna badhe njlentrehake babagan crita pengalaman pribadhi. Apa kuwi crita pengalaman pribadhi? 


Pangerten Crita Pengalaman Pribadhi

Crita pengalaman pribadi yaiku crita kang dialami dening pribadhine dhewe-dhewe. Crita pengalaman pribadhi bisa dicritakake kanthi lisan utawa tulis. 


Jenis Crita Pengalaman Pribadhi

Crita pengalaman pribadi maneka warna jenise, amarga pengalaman kang dilakoni dening manungsa kuwi akeh banget. Apa bae jenis crita pengalaman pribadi?

  • Crita nyenengake
  • Crita nyedhihake
  • Crita ora kena dilalekake
  • Crita lucu

Tuladha Crita Pengalaman Pribadhi


Ing ngisor iki bu Linna maringi tuladha crita pengalaman pribadhi abentuk KOMIK. Crita pengalaman pribadhi kang lucu dilakoni dening Parmin.


Sakliyane abentuk komik, bu Linna uga maringi tuladha crita pengalaman pribadhi liyane. Klik link ing ngisor iki kanggo mlebu ing tuladha.

https://www.youtube.com/watch?v=uXVX8dgzKIw


Kanggo tuladha liyane, bisa nggoleki ing blog iki kanthi klik label crita/ critaku/ cerkak.

Sugeng sinau lan gladhen.
Wassalamu'alaikum





Minggu, 31 Oktober 2021

Cerita Rakyat Bahasa Jawa

Minggu, Oktober 31, 2021 1 Comments

 Assalamu'alaikum... 

Sugeng pitepungan kaliyan bu Linna. Bu Linna sampun maringi materi babagan crita rakyat ana ing postingan ing minggu-minggu kepungkur.


https://www.sinaujawa.com/2021/10/pengertian-cerita-rakyat.html

Ing postingan niki bu Linna badhe maringi tuladha crita rakyat. Bu Linna maringi tuladha crita kanthi irah-irahan "Keong Mas". Crita bu Linna bagi abentuk ebook. Sugeng maos.

Senin, 11 Oktober 2021

Pengertian Cerita Rakyat

Senin, Oktober 11, 2021 1 Comments

 Assalamu'alaikum.. Sugeng pitepungan kaliyan bu Linna. Bu Linna badhe njelntrehake babagan crita rakyat. Apa kuwi crita rakyat? Apa titikane? Apa wae jenise? Bu Linna badhe njlentrehake siji mbaka siji.


Pangerten

Crita rakyat kuwi crita kang asale saka masyarakat lan ngrembaka ana ing masyarakat. Crita rakyat biyasane ora kena diluru sapa pangriptane utawa panganggite (penulis/pencipta). 


Titikane (Ciri-ciri)

  • Anonim, ora diweruhi panulise.
  • Minangka karya kolektif, dianggep duweke rakyat bareng-bareng.
  • Nyritakake bab ala lan bener kanggo tuladha.
  • Nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane (imajiner)
  • Statis, tetep, ora ana owah-owahan sing wigati saka jaman menyang jaman.


Jenis Crita Rakyat

Mite

Mite yaiku crita rakyat kang ana gegayutane karo alam lelembut lan alam gaib.

Tuladhane: Nyi Rara Kidul, Nyi Blorong.

Fabel

Fabel yaiku crita rakyat kang paragane awujud kewan kang bisa celathu kaya manungsa. Tuladhane: Kancil Nyolong Timun, Kancil Karo Baya, Kancil Karo Macan, Gajah Musuh Semut.

Legendha

Legendha yaiku dongeng gegandengan karo dumadine sawijining papan utawa barang. Tuladhane: Asal Usul Rawa Pening, Asal Usul Desa Grantung, Malin Kundang.

Dongeng

Dongeng yaitu crita rakyat kang wis ana wiwit jaman biyen. Critane mokal lan ora dipercaya bener-bener dumadi. Tuladhane: dongeng Timun Mas, Keong Mas, Cindelaras.

Hikayat

Hikayat yaiku crita kang nyritakake babagan peragane kanthi jelas. Tuladhane: Hikayat Hang Tuah, Hikayat Bahtiar.

Babad

Babad yaiku crita kang ana bukti lan nyatane, nanging wis ditambahi crita kang ora nggenah. Tuladhane: Babad Tanah Jawi, Babad Mataram, Babad Majapahit.

Sejarah

Sejarah yaiku crita kang bener-bener kedadeyan lan ana bukti nyatane.

Tuladhane: Sejarah Jendral Soedirman, Sejarah Majapahit.

Roman

Roman yaiku crita kang nggambarake uripe pawongan saka lair nganti pati.

Tuladhane: Roman Adat, Roman Sosial, Roman Detektif.


Sumber: 

Agustina, Tri yunika. 2021. Modul Pengayaan Basa Jawa untuk SMP/MTs Kelas VII Semester 1. Surakarta: Putra Nugraha.






Senin, 19 Juli 2021

Teks Narasi Basa Jawa

Senin, Juli 19, 2021 1 Comments

Wacan narasi yaiku wacan kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya-kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. 


Utawa wacan kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang winates ing sajroning wektu. Wacan narasi iku adate nengenake urutan lan lumrahe ana tokoh ing sajroning crita.


Kang kalebu wacan narasi iku kayata biografi, pengalaman pribadi, lan karya sastra awujud cerkak, novel, uga drama. Karya sastra wujud cerkak, novel, lan drama utawa sandiwara iku kalebu wacan narasi amarga ing kana ana prastawa utawa kedadeyan kang kasusun ing sajroning wektu. Wacan narasi kasusun miturut rerangkening kedadeyan utawa kang lumrah diarani alur.

Jenis Wacan Narasi

Narasi Ekspositoris

Narasi ekspositoris yaiku wacana kang mung menehi katrangan lugu/apa anane, upamane: Siswa nyeritakake kedadeyan ana ing jero kelas nalika piwulangan Basa Jawa. Utawa Jaksa nyritakake kedadeyan rajapati ing pengadilan. Tuladha: biografi, autobiografi, kisah pengalaman pribadhi.

Narasi Sugestif

Narasi sugestif yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen-angene wong kang maca. Kabeh crita rekan iku kalebu narasi sugestif. 
Tuladha: novel, cerkak, dongeng, roman, lan hikayat.

Titikane Narasi Ekspositoris lan Narasi Sugestif

1) Narasi ekspositoris, titikane kaya mangkene.

a) Njembarake wawasan utawa pangerten.
b) Mbeberake katrangan bab prastawa.
c) Adhedhasar nalar supaya padha sarujuk.
d) Basa informatif, tembung denotatif.

2) Narasi Sugestif, titikane kaya mangkene.

a) Mbeberake makna kang sinandi.
b) Nguripake pangangen-angen (imajinasi).
c) Nalar mung kanggo nggayuh surasa (makna), yen perlu nalar dilirwakake.
d) Basa figuratif, tembunge konotatif.
d. Trap-trapane Nulis Narasi

Trap-trapane nulis narasi.


1) Nemtokake tema karangan.
2) Nemtokake tujuan karangan.
3) Nglumpukake bahan-bahan karangan.
4) Nata rantamaning karangan.
5) Ngembangake rantaman/kerangka karangan.


source: 

Agustina, Tri Yunika. Modul Pengayaan Bahasa Jawa untuk SMP/MTS Kelas VII Semester 1. Surakarta: Putra Nugraha.




Senin, 29 Maret 2021

Struktur, Nulis, lan Ngandharake Sesorah (Pidhato)

Senin, Maret 29, 2021 0 Comments

Assalamu'alaikum.. 

Ing pitepungan iki, bu Linna badhe nulis babagan sesorah utawa pidhato basa Jawa. Sesorah utawa pidhato yaiku ngandharake gagasan kanthi lesan ing sangarepe wong akeh. Sesorah utawa pidatho duweni tujuan utawa ancas kang beda-beda, antarane yaiku:

a. Aweh seserepan (info)

b. Aweh panjurung (motivasi)

c. Aweh Pangajak

d. Aweh Panglipur (hiburan)

e. Aweh Panyaruwe (kritik)



Ngidhentifikasi Struktur Sesorah

Wong arep nindakake sesorah, biyasane nggawe cengkorongan apa wae kang arep diomongake ing ngarepe wong akeh. Cengkorongan kang kerep disebut kerangka kuwi banjur dikembangake dadi naskah sesorah utuh. Sadurunge nulis naskah sesorah, ayo padha digatekake apa wae perangan-perangan sesorah iku!

Naskah sesorah iku ngemot telung perangan, yaiku :

a. Pambuka, ing antarane mratelakake :

1) Salam pambuka

2) Pakurmatan (nyebutake kang padha rawuh)

3) Puji syukur

b. Isi, mratelakake bab-bab kang dadi wigatining sesorah.

c. Panutup, ing antarane mratelakake :

1) Dudutan (kesimpulan)

2) Pangajab (harapan)

3) Panyuwunan pangapura

4) Salam panutup


Nulis Cengkorongan Sesorah

Sawise mudeng babagan perangane sesorah, ayo padha nulis naskah sesorah. Sadurunge nulis teks sesorah becike digawe luwih dhisik cengkorongane. Cengkorongan (kerangka) sesorah yaiku baku-bakuning isi sesorah sing dirakit jumbuh karo sing dikarepake. Tuladha cengkorongan sesorah:

Tema: Pamitan Kelas IX

Irah-irahan: Sesorah Pamitan

Cengkorongan

1. Salam, pakurmatan, puji syukur

2. Kelas IX ngaturake panuwun marang Bapak/Ibu guru, lan para karyawan

3. Kelas IX aweh piweling marang kelas VII lan VIII.

4. Panutuping sesorah lan salam.


Nulis Naskah Sesorah

Sawise nggawe cengkorongan, saiki cengkorongan mau dikembangake dadi naskah sesorah kang becik. Bab-bab sing kudu digatekake nalika nulis sesorah, yaiku :

a. Sapa wae sing arep disesorahi.

b. Miliha tembung-tembung sing prasaja kang gampang dimangerteni.

c. Migunakake unggah-ungguh basa kang trep.

d. Tetimbangan wektu kang sumadiya.

e. Isine mentes lan narik kawigaten.


Ngandharake Naskah Sesorah

Sesorah iku kanggone wong sing wis kulina kaanggep entheng, kosok baline tumrap sing durung kulina mujudake panggawean kang abot. Supaya bisa sesorah kanthi becik, materi Ian mental kudu disiapake. Nalika pinuju sesorah tindak-tanduk (sikap)sing perlu digatekake yaiku :

a. Ngadeg jejeg.

b. Tangan ngapu rancange

c. Ulat nyenengake.

d. Obahing sarira prasaja.

e. Swara ora keseron nanging uga ora kelirihen.

f. Wiramaning swara kepenak dirungokake.

g. Bisa njumbuhake marang kahanan Ian swasanane.


Nah, para siswa sawise mangerteni lan mudeng apa kuwi struktur, carane nulis, lan ngandharake sesorah, ayo padha gladhen.

Wassalamu'alaikum wr. wb



source: Slamet,M. Pd. 2016. Wursita Basa kelas IX. Klaten: Sahabat.



Jumat, 19 Februari 2021

Serat Wulangreh Pupuh Durma

Jumat, Februari 19, 2021 11 Comments

 Assalamu'alaikum...

Sugeng pitepungan ing pasinaon basa Jawa. Ing tulisan iki, bu Linna arep nulis babagan Serat Wulangreh Pupuh Durma. Serat Wulangreh anggitane Sri Pakubuwana IV. Durma awatak galak, nantang, nesu, lan muntab. 

Ing ngisor iki tuladha Serat Wulangreh pupuh Durma pada 1


Mesthi akeh kang durung paham apa tegese tembung-tembung ing tembang Durma. Ana ing gambar dhuwur, wis sumedya tegese tembung-tembung kang angel. Saka teges mau, bisa kadudut isi lan amanat tembang. 


Nulis Isi lan Amanat Tembang

Tembang macapat kalebu basa kang ginathok. Kerepe migunakake basa kawi, uga kadhang kala mingunakake baliswara. Mula, mangerteni isi tembang macapat iku ora gampang. Mangkene tuladha mangerteni isi tembang:


a. Tembung Kawi diganti nganggo tembang padinan.

Tuladha:

darapon sudaa = supaya ngurangi

rerema ing tyasireki = tenangna ing sajroning ati


b. Nambahi utawa ngurangi tembung supaya luwes

Tuladha:

karsanira lestari = kekarepane bisa dikontrol 


c. Tanda waca (titik, koma, pakon,lan liya-liyane) manut basa gancaran 

manut basa gancaran bisa ditegesi bebas ora gumathok aturan.


d. Yen ukara baliswara, kudu diwalik

baliswara yaiku ukara kang anggone negesi kanthi diwalik, supaya guru lagune pas utawa gathuk.

Tuladha:

Anoman sampun malumpat dadi Anoman malumpat sampun.


Sawise ngerti carane nggoleki isi tembang, saiki ayo gladhen nemokake isi lan amanat tembang Durma ing dhuwur. Tembang Durma pada 1.. Kerjake ing link ngisor iki!


https://forms.gle/79TaAXe5gE2fbSbc9


Sugeng Gladhen

Wassalamu'alaikum



Sumber: 

Slamet. 2016. Wursita Basa. Klaten: CV Sahabat

BKS MGMP Kab. Pati



Jumat, 05 Februari 2021

SERAT WULANGREH PUPUH KINANTHI

Jumat, Februari 05, 2021 4 Comments

 Assalamu'alaikum

Para siswa, ing tulisan iki bu Linna arep nulis babagan Serat Wulangreh pupuh Kinanthi.Serat Wulangreh dianggit dening Susuhan Pakubuwana IV Surakarta HAdiningrat. Serat Wulangreh tembang Kinanthi iku duwe pitutur kang luhur. Duweni watak seneng, tresna, lan asih. Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi ana 16 pada (bait).

Ing ngisor iki tuladha serat Wulangreh padha 1 Kinanthi


Dene ing ngisor iki Serat Wulangreh pupuh Kinanthi jangkep cacah 16 pada (bait)

K I N A N T H I


01

Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.

Kalian biasakanlah megasah kalbu, agar (pikiranmu) tajam menangkap isyarat, jangan hanaya selalu makan dan tidur, jangkaulah sikap kepahlawanan, latihlah dirimu dengan mengurangi makan dan minum.

02

Dadiya lakunireku, cegah dhahar lawan guling, lawan aja asukan-sukan, anganggoa sawatawis, ala watake wong suka, suda prayitnaning batin.

Jadikan sebagai lelakon, kurangi makan dan tidur, jangan gemar berpesta pora, gunakan seperlunya (karena) tabiat orang yang gemar berpesta pora adalah berkurangnya kepekaan batin.

03

Yen wus tinitah wong agung, aja sira gumunggung dhiri, aja raket lan wong ala, kang ala lakunireku, nora wurung ngajak-ajak, satemah anenulari.

Jika kau sudah ditakdirkan menjadi pembesar, janganlah menyombongkan diri, jangan kau dekati orang yang memiliki tabiat buruk dan bertingkah laku tidak baik, sebab suka atau tidak suka (hal itu) akan menular padamu.

04

Nadyan asor wijilipun, yen kelakuane becik, utawa sugih carita, carita kang dadi misil, iku pantes raketana, darapon mundhak kang budi.

Sekalipun berasal dari keturunan kelas bawah, namun memiliki kelakuan yang baik atau memiliki banyak cerita yang berisi (berguna), dia patut kau gauli, (hal itu) akan menambah kebijaksanaanmu.

05

Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh bangsat, nora wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep keh durjana, nora wurung bisa maling.

Jika masih muda, biasanya mengikuti lingkungan, jika di lingkungan itu banyak penjahat, maka jahatnla ia. Jika di lingkungannya banyak pencuri, maka ia pun pandai mencuri.

06

Sanadyan ta nora melu, pasthi wruh solahing maling, kaya mangkono sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha nuli bisa, iku panuntuning eblis.

Meskipun tidak ikut (mencuri) pasti mengetahui bagaimana cara mencuri. Demikanlah (karakter) semua perbuatan jelek, awalnya hanya tahu, kemudian bisa melakukan, itulah bujukan iblis.

07

Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung kalakyan, aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mupangati badaneki.

Perbuatan yang benar itu akan mudah jika sudah dilaksanakan, terasa sulit jika belum dilakukan, enggan melaksanakan, namun jika dilakukan (hal itu) akan bermanfaat bagi jiwa raga kita.

08

Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor kang den simpar, umbag gumunggunging dhiri, obral umuk kang den gulang, kumenthus lawan kumaki.

Para pemuda di masa sekarang meninggalkan sopan santun dan rendah hati, sebaliknya mengumbar kesombongan dan tinggi hati.

09

Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku wewatone uga, nom-noman adoh wong becik, emoh angrungu carita, carita ala miwah becik.

Tidak mengenal teman satu sama lain, kurang ajar, dan congkak, itu juga kebiasaannya, para pemuda menjauhi orang yang berperilaku baik, tidak mau mendengar cerita yang baik maupun cerita yang jelek.

10

Cerita pan wus kalaku, panggawe ala lan becik, tindak bener ala lan ora, kalebu jro cariteki, mulane aran carita, kabeh-kabeh den kawruhi.

Adapun erita yang sudah terjadi, adalah perbuatan baik dan buruk, tingkah laku benar dan tidak benar termasuk ke dalam jenis cerita, oleh karena itu disebu cerita, selurihnya harus kau ketahui.

11

Mulane wong anom iku, abecik ingkang taberi, jejagongan lan wong tuwa, ingkang sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.

Oleh karena itu, sebagai pemuda seharusnya rajin berkomunikasi dan berembug dengan orang tua yang banyak bicara. Ingat, bicara itu banyak macamnya, ada yang baik, ada pula yang buruk.

12

Ingkang becik kojahipun, sira anggoa kang pasthi, ingkang ala singgahana, aja sira anglakoni, lan den awas wong akojah, iya ing masa puniki.

Pastikan kau ikuti pembicaraan yang baik, yang kurang baik singkirkan, jangan kau lakukan, meskipun begitu, di masa sekarang waspadalah setiap orang bicara.

13

Akeh wong kang sugih wuwus, nanging den sampar pakolih, amung badane priyangga, kang den pakolehaken ugi, panastene kang den umbar, nora nganggo sawatawis.

Banayak orang yang pandai bicara namun pembicaraannya itu dibungkus dengan maksud untuk mementingkan diri sendiri, hanya dirinya yang diuntungka, mengumbar kedengkian tanpa batas.

14

Aja ana wong bisa tutur, amunga ingsun pribadhi, aja ana ingkang memadha, angrasa pinter pribadhi, iku setan nunjang-nunjang, tan pantes den pareki.

Jangan ada orang yang dapat berbicara kecuali dirinya sendiri dan jangan ada yang meyamai, merasa paling pandai, itu adalah perilaku setan, tidak pantas kau dekati.

15

Sikakna di kaya asu, yen wong kang mangkono ugi, dahwen apan nora layak, yen sira sandhinga linggih, nora wurung katularan, becik singkirana ugi.

Jika kau temui orang seperti itu, usirlah seperi kau menghalau anjing, dia tak patut kau dekati apalagi menemaninya duduk, niscaya kau akan ketularan, lebih baik hindarilah.

16

Poma-poma wekasingsun, mring kang maca layang iki, lair batin den estokna, saunine layang iki, lan den bekti mring wong tuwa, ing lair praptaning batin.

Bagi ayang membaca surat ini, perhatikan dengan sungguh-sungguh nasihatku ini, patuhilah secara lahir dan batin, laksnakan apa yang tertulis dalam surat ini, dan berbaktilah terhadap orang tua, lahir dan batin.


Wassalamu'alaikum 



Rabu, 06 Januari 2021

MENGENAL GEGURITAN

Rabu, Januari 06, 2021 1 Comments

Geguritan iku minangka cara kanggo medharake pangangen-angen lumantar tulisan kang endah. Geguritan yaiku puisi Jawa kang tanpa nganggo pathokan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Isi lan basane geguritan bebas nanging sopan lan narik kawigaten sing padha maca. 


Titikane geguritan 

a. Tembung-tembung pilihan

b. Isine mentes

c. Cacahing larik ora ditemtokake


Struktur Geguritan

Unsur geguritan iku ana struktur fisik lan batin.


а. Struktur Fisik

Stuktur fisik geguritan nyakup : pamilihe tembung (diksi), pengimajinasian, lelewaning basa, purwakanthi.


b. Struktur Batin

Struktur batin geguritan dumadi saka : bakuning gagasan (tema),swasana, nada utawa sikap panganggit marang kang padha maca, lan amanat.

1) Tema

Bakuning gagasan utawa gagasan baku kang dadi dhasare geguritan.

2) Swasana

Swasana batin pamaca akibat sawise maca.

3) Nada

Nada ing geguritan yaiku sikap batin panganggit sing arep diekspresiake marang sing padha maca. Tuladhane: nuturi,panyaruwe, seneng, susah, nyindhir, lan sapanunggalane.

4) Amanat

Amanat yaiku pesan sing pengin dikandhakake panganggit kanggo pepeling marang wong kang maca utawa ngrungokake. Geguritan sing wis kowenehi tandha mandheg lan wis komangerteni isine mau,analisisen struktur fisike!


Teknik Maca Geguritan

Maca geguritan iku ora padha karo maca lancar lan maca nyaring. Maca geguritan, lagu, pocapan, swara kudu bisa dadi sarana anggonmu maca mau dadi becik lan bisa dirasakake dening wong sing nonton lan ngrungokake.


bab-bab sing perlu digatekake nalika maca geguritan :

a. jeda

b. lafal/pocapan

c. lagu (intonasi)

d. praupan utawa mimik (ekspresi)

e. Obahing awak (gestur)


Maca Geguritan

Maca iku ana werna-werna. Ana maca lancar tegese anggone maca cepet. Maca batin tegese anggone maca tanpa swara, sing krungu mung awake dhewe. Maca nyaring yaiku anggone maca kanthi swara kang seru. Mligi maca nyaring ana kang mbutuhake pocapan lan lagu sarta ekspresi sing becik, sing laras karo isine wacan. Maca iki dienggo manawa pinuju maca geguritan, lire wong sing ngrungokake mau bisa ngrasakake endahing geguritan sing diwaca. Sing maca dhewe uga bisa ngrasakake apa kang lagi diwaca. Maca geguritan karo tembang iku ora padha. Tembang anggone nyuwarakake nganggo wewaton titi laras (notasi), dene geguritan pamacane ora nganggo aturan titi laras. Ora ana aturan kang gumathok carane maca geguritan. Saben wong mardika anggone maca geguritan. Sing baku mung piye amrih kepenak dirungokake dening liyan.


Sing perlu digatekake sadurunge maca geguritan yaiku :

a. Mangerteni isi lan karepe larik mbaka larik geguritan mau.

b. Pangucapan kudu cetha lan bener.

c. Lagu utawa wirama kudu jumbuh karo isi.

d. Aja kebanteren lan kerindhiken.

e. Ekspresi, intonasi, lan artikulasi kudu trep.

f. Aja kakehan solah bawa.


Teknik Nulis Geguritan

Nganggit utawa nulis geguritan iku kanggone wong sing wis kulina dudu perkara kang angel. Ananging kanggone wong sing durung pernah nulis, dadi pagawean kang angel lan abot. Mula perlu pituduh kanggo nggampangake. Kanggo nggampangake nganggit utawa nulis geguritan, langkah-langkahe mangkene:

a. Nemtokake tema.

b. Ngangen-angen bab kang arep diwedharake utawa ditulis. 

c. Nulis apa kang diangen-angen.

d. Milih tembung kang pas/trep.

e. Nggunakake ungkapan lan lelewaning basa (majas; gaya bahasa) kanthi trep kanggo medharake gagasan.

f. Mbesut (merevisi) teks geguritan sing wis ditulis.


Kajaba mangerteni langkah-langkah nulis geguritan perlu uga mangerteni bab-bab kang nyengkuyung endahing geguritan, yaiku:

a. Tembung endah

b. Tembung andhahan endah

c. Pamilihing tembung kang mentes

d. Runtute swara utawa purwakanthi

e. Tembung entar


source: Drs. Ngadi,M. Pd. 2015. Wursita Basa kelas VIII. Klaten: Sahabat.