Rabu, 06 Januari 2021

MENGENAL GEGURITAN

Geguritan iku minangka cara kanggo medharake pangangen-angen lumantar tulisan kang endah. Geguritan yaiku puisi Jawa kang tanpa nganggo pathokan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Isi lan basane geguritan bebas nanging sopan lan narik kawigaten sing padha maca. 


Titikane geguritan 

a. Tembung-tembung pilihan

b. Isine mentes

c. Cacahing larik ora ditemtokake


Struktur Geguritan

Unsur geguritan iku ana struktur fisik lan batin.


а. Struktur Fisik

Stuktur fisik geguritan nyakup : pamilihe tembung (diksi), pengimajinasian, lelewaning basa, purwakanthi.


b. Struktur Batin

Struktur batin geguritan dumadi saka : bakuning gagasan (tema),swasana, nada utawa sikap panganggit marang kang padha maca, lan amanat.

1) Tema

Bakuning gagasan utawa gagasan baku kang dadi dhasare geguritan.

2) Swasana

Swasana batin pamaca akibat sawise maca.

3) Nada

Nada ing geguritan yaiku sikap batin panganggit sing arep diekspresiake marang sing padha maca. Tuladhane: nuturi,panyaruwe, seneng, susah, nyindhir, lan sapanunggalane.

4) Amanat

Amanat yaiku pesan sing pengin dikandhakake panganggit kanggo pepeling marang wong kang maca utawa ngrungokake. Geguritan sing wis kowenehi tandha mandheg lan wis komangerteni isine mau,analisisen struktur fisike!


Teknik Maca Geguritan

Maca geguritan iku ora padha karo maca lancar lan maca nyaring. Maca geguritan, lagu, pocapan, swara kudu bisa dadi sarana anggonmu maca mau dadi becik lan bisa dirasakake dening wong sing nonton lan ngrungokake.


bab-bab sing perlu digatekake nalika maca geguritan :

a. jeda

b. lafal/pocapan

c. lagu (intonasi)

d. praupan utawa mimik (ekspresi)

e. Obahing awak (gestur)


Maca Geguritan

Maca iku ana werna-werna. Ana maca lancar tegese anggone maca cepet. Maca batin tegese anggone maca tanpa swara, sing krungu mung awake dhewe. Maca nyaring yaiku anggone maca kanthi swara kang seru. Mligi maca nyaring ana kang mbutuhake pocapan lan lagu sarta ekspresi sing becik, sing laras karo isine wacan. Maca iki dienggo manawa pinuju maca geguritan, lire wong sing ngrungokake mau bisa ngrasakake endahing geguritan sing diwaca. Sing maca dhewe uga bisa ngrasakake apa kang lagi diwaca. Maca geguritan karo tembang iku ora padha. Tembang anggone nyuwarakake nganggo wewaton titi laras (notasi), dene geguritan pamacane ora nganggo aturan titi laras. Ora ana aturan kang gumathok carane maca geguritan. Saben wong mardika anggone maca geguritan. Sing baku mung piye amrih kepenak dirungokake dening liyan.


Sing perlu digatekake sadurunge maca geguritan yaiku :

a. Mangerteni isi lan karepe larik mbaka larik geguritan mau.

b. Pangucapan kudu cetha lan bener.

c. Lagu utawa wirama kudu jumbuh karo isi.

d. Aja kebanteren lan kerindhiken.

e. Ekspresi, intonasi, lan artikulasi kudu trep.

f. Aja kakehan solah bawa.


Teknik Nulis Geguritan

Nganggit utawa nulis geguritan iku kanggone wong sing wis kulina dudu perkara kang angel. Ananging kanggone wong sing durung pernah nulis, dadi pagawean kang angel lan abot. Mula perlu pituduh kanggo nggampangake. Kanggo nggampangake nganggit utawa nulis geguritan, langkah-langkahe mangkene:

a. Nemtokake tema.

b. Ngangen-angen bab kang arep diwedharake utawa ditulis. 

c. Nulis apa kang diangen-angen.

d. Milih tembung kang pas/trep.

e. Nggunakake ungkapan lan lelewaning basa (majas; gaya bahasa) kanthi trep kanggo medharake gagasan.

f. Mbesut (merevisi) teks geguritan sing wis ditulis.


Kajaba mangerteni langkah-langkah nulis geguritan perlu uga mangerteni bab-bab kang nyengkuyung endahing geguritan, yaiku:

a. Tembung endah

b. Tembung andhahan endah

c. Pamilihing tembung kang mentes

d. Runtute swara utawa purwakanthi

e. Tembung entar


source: Drs. Ngadi,M. Pd. 2015. Wursita Basa kelas VIII. Klaten: Sahabat.



1 komentar: