Garwaku
Mas,
Aja sayah nggawe aku tresna
Ngguyuku pralambang katresnanku
Kembang iki bakal dadi kaca
Kang tansah ngelingake tresnamu
Pandongaku mas,
Urip bebrayan bebarengan
Nggulawentah titipan kanthi tresna
Nganthi dhewe dadi kaki nini
Cluwak, 13 Januari 2023
Mu'linnatus Sa'dah, S. Pd