Kamis, 12 November 2015

GEGURITAN KELAS IX-B (1)

BAPAK

Ragaku saka jiwamu
Esuk,awan,sore nasehatmu tak nggo
Semono suwene aku mbok openi
Saka keringetmu aku bisa urip
Aku mesti patuh marang awakmu
Mugo-mugo gusti tansah ngelindungi
Eling saben dina kangelanmu
Yen wayah udan lan panas
Yen wayah rina lan wengi
Aku mung bisa ndonga'ake
Nadyan aku durung bisa mbales
Aku tansah sayang marang awakmu
Donya arep tak raih kanggomu
Etang wektu ingkang suwe
Wahyu lan ridhomu sing tak karepke
Insyaallah kekarepanku terkabul

(RESSA MEYYANA DEWI,2015)




KATRESNAN

dene rasa jroning dhadha
engga wektu jumangkah mlaku
sak wayah-wayah tansah dak pikir
tresnaku marang sliramu
ing wayah wengi
kelingan manis esemanmu
anane mung rasa tresna
sansaya cedhak njalari ati
angenku mung pengen bisa nyanding sliramu
rasa tresna rinengkuh ing atiku
ing jroning atiku mung ana rasa tresna kang tulus marang sliramu

Vindi Destikasari

Menungsa Sing Akeh Dosa

Aku iki menungsa sieng akeh dosa
Namung aku ngrasa nek aku yo duwe tresna
Donga sing saben dina tak lakonana
Rasane,awakku iki ijeh kebak dosa
Eling yen awakku iki salah
Wektu aku,sing saben dina mikirna urusan donya
Aku mesti ra bakal dimaafke
Rasane nek aku bisa milih mending aku mati wae
Yen uripku abot nek tak teruske
Awakku,kenapa isih urip nek kene?
Mestine aku sadar yen uripku mung sepisan
Aku ora tau nggawe seneng wong liya
Uripku malah nggawe wong dadi sengsara
Lan uripku saiki ora ono gunane neh nek donya
Aku iki menungsa biasa seng raiso apa-apa
Namung awakku kudu tobat lan sadar
Aku sadar nek raga lan nyawaku bakal balik marang kuasa

Andrew Arya Maulana

1 komentar: