Rabu, 28 Oktober 2015

GEGURITAN SUMPAH PEMUDA "GUMREGAHING PEMUDHA"

Ilining ludira ing jroning raga
Nyawiji karo muntaping rasa iki
Gumregahing daya dadi pratandha
nyawijining bangsa ora bisa kaselaki

Sumpah pemudha iki
ora mung janji
kuwi bukti nyawijining pertiwi
Bangsa, basa, lan bantala mung siji
yaiku Indonesia Raya Bumi Pertiwi


Cluwak, 28 Oktober 2015

Tidak ada komentar:

Posting Komentar