Selasa, 27 Oktober 2015

CANGKRIMAN

Bu Linna badhe nulis babagan cangkriman. Cangkriman asring diarani bedhekan. Cangkriman kaperang dadi papat yaiku cangkriman pepindhan, cangkriman plesedan, cangkriman wancahan, lan cangkriman ing tembang macapat.

Ing ngisor iki tuladhane cangkriman.

1. Cangkriman Pepindhan
  • Pitik walik saba meja = sulak
  • Lawa lima kalong telu = wolu
  • Ora bakal mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong = kates
  • Tibane mengisor digoleki mendhuwur = kebocoran
  • Sing ngarep ireng, sing mburi ireng, tengah-tengah methentheng = wong mikul areng
  • Bosok neng enak dipangan = tape
  • Sawah rong kedhok galengane sithok = godhong gedang
  • Awake ijo, sirahe abang mlakune mundhur = obat nyamuk
  • Slulap-slulup ing kebon = dom
  • dileboke malah metu meneh = nglebokna kancing
  • Bocah cilik nggendhong omah =kura-kura, besusul, lsp
  • anake nangis, simboke njait, bapake udud = sepur
2. Cangkriman Plesedan
  • Wong mati dilumpati kucing urip = sing urip kucinge dudu wong mati
  • Wong meteng ngethokna wedhus = wedhus ditokake saka kandhang
  • Bakul sate dibakari = sing dibakar satene
  • Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem = sing mesam-mesem wong nunggoni
  • Mbok Siyah ketiban cowek dadi sambel = lombok trasi uyah diuleg dadi sambel
  • Ana sirah ancik-ancik gulu = sirah pancen ancik-ancik gulu
3. Cangkriman Wancahan
  • Setengah tuwa lemu ginuk-ginuk = setu legi
  • Seneng lan sayang pol-polan = selasa pon
  • Sepine kaya kuburan = sekakuran
  • Pakboletus = tapak kebo lelene satus
  • Yumaerong = yuyu omahe ngerong

Tidak ada komentar:

Posting Komentar