Minggu, 02 Agustus 2015

MASA KECIL RAMA WIJAYA

Kacarita ing negara Ayodya kagungan ratu jejuluk Prabu Dasarata. Sang Prabu asih marang kawula, ora lali anggone paring kanugrahan marang rakyate. Sing dipikirake namung sarana supaya negarane bisa karta raharja.

Sang Prabu kagungan garwa telu, siji Dewi Ragu (Dewi Kosalya), loro Dewi Sumitra, telu Dewi Kekeyi. Prabu Dasarata durung kagungan putra lan kepengin anggone kagungan kersa apeputra kakung. Sang Prabu utusan nimbali sawijining pandhita asma Bagawan Wasista. Ngendikane supaya kasembadan panuwune, enggal bisa peputra kakung. Begawan kaaturaken ashidhekah ing jawata. Atur rembuke Begawan Wasista gawe renaning penggalih, nuli kelampahan.

Suwe-suwe garwa telu nggarbeni. Kang babaran dhisik Dewi Ragu, kakung asma Rama. Nuli Dewi Kekayi uga kakung, asma Barata. Dene Dewi Sumitra uga babaran kakung, asma Lesmana. Ora let suwe Dewi Sumitra ugi mbobot malih kakung, asma Satrugna.

Sawise para putra raja ngancik dewasa, banjur kapasrahaken dening Begawan Wasista, ndikakake marang negara Ayodya. Sang putra raja kondhang kadigdayanipun.

Kacarita ana empuning pandhita asma Begawan Yogiswara lan Begawan Mitra, sowan ing sang prabu nyuwun pitulungan, amarga partapane kaganggu dening denawa balane Prabu Dasamuka, ratu ing Ngalengka. Para pandhita nyuwun supados Rama anyirnakaken kabeh denawa kang gawe rusuh. Sanalika sang prabu ora marengakem awit kagalih isih timur, durung pantes musuh danawa, punapa malih Dasamuka.

Pandhita loro mekas menawa ratu wajib tetulung marang kawula kang kasangsaran. Wusanane sang Prabu marengaken putrane kang asma Rama kapasrahaken dateng sang pandhita. Laksmana ora gelem pisah karo Rama mula banjur melu ndherekake.

Satekane ing pertapan, para pandhita nyambut tekane Rana lan Laksmana. Para pandhita bungah banget, banjur padha aweh piwulangan bab ngelmu kasampurnan. Para danawa nyerang ing papan panggone para pandhita. Sanalika Rama nglawan ing prang kabantu Laksmana. Para danawa kalah tumpes tapis tanpa sisa. Sakabehing rerusuh ing partapan para pandhita bisa disingkirake. Rama lan Laksmana disubya-subya dening para pandhita.

source: berbagai sumber, kalangwan, buku materi ajar b. Jawa MGMP KAB. PATI, dll


Cerita di atas adalah salah satu bagian awal cerita Ramayana. Baca juga postingan ini sebagai lanjutan ceritanya.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar