Senin, 09 Februari 2015

GEGURITAN SANDI ASMA "KANGGOMU KPK"

Mbuh kepriye bumi pertiwiku iki
Unine merdeka ning isih dhahar aking
Ludira isih tumetes ing pertiwi
Indonesiaku isih gonjang-ganjing

Nadyan gemah ripah lohjinawi,
Nadyan jembaring negri
Alap-alapan isih akeh ditemoni

Tuladhaning negri digawe tatu
Usada panguwasa ora digugu
Supaya para tikusing negara urip adus susu

Suwita kudu tetep suwita
Aja lena amarga donya
Ayo KPK dirembaka

Dadiya buntut kang perkasa
Aja karep dadi panguwasa
Hukum lumaku, kanggo KPK tetep jaya

Pati, 8 Febuari 2015







Tidak ada komentar:

Posting Komentar