Selasa, 24 Februari 2015

ROMEO JULIET VERSI JAWA (CERITA CINTA ASLI DARI PATI) RARA MENDUT DAN PANACITRA

Rara Mendut yaiku salah sawijining wong wadon kang rupane ngembang lombok, menik-menik ayu banget. Rara Mendut dipek anak dening Adipati Pati. Rara Mendut digulawentah dening Adipati Pati kanthi rasa tresna kaya anake dhewe. 

Nalika iku, Sultan Mataram yaiku Sultan Agung pengin ngambakake wilayah. Piyambake kepincut karo wilayah-wilayah ing pesisir lor Jawa. Sultan Agung ngutus panglima perange yaiku Tumenggung Wiraguna kanggo nglakokake tugas mau. Tumenggung Wiraguna kasil ngrebut wilayah-wilayah ing pesisir lor Jawa. Pungkasane, Tumenggung Wiraguna tekan ana ing daerah Pati. Nalika iku dipimpin karo Adipati Pati. 


Kadipaten Pati nalika kuwi isih jejeluk Kadipaten Pesantenan. Tumenggung Wiraguna ora perlu wektu akeh kanggo merjaya Kadipaten Pati. Amarga kalah, Adipati Pati kudu masrahake kabeh kang di duweni. Nalika iku, Adipati Pati masrahake kabeh donyane lan anak pupone Rara Mendut kang rupane ayu.

Tumenggung Wiraguna bali mulih menyang Mataram nggawa banda donya rampasaning nalika perang lan Rara Mendut. Tumenggung Wiraguna nandhang tresna marang Rara Mendut. Ananging, tresnane mau ora bisa dibales dening Rara Mendut. Rara Mendut tresna marang nom-noman saka Pati kang jenenge Panacitra. Tekan ing Mataram, Rara Mendut diopeni karo Tumenggung Wiraguna ing kraton. Tumenggung Wiraguna duwe karep yen arep ngepek bojo Rara Mendut nalika mengko wis cukup umur.

Jebule, Panacitra kuwi meneng-meneng nyusul Rara Mendut ing Mataram. Panacitra nyamar dadi pekatik utawa wong kang ngopeni jaran nalika ana ing Mataram. Rara Mendut ngerti yen Panacitra nyusul dheweke ing Mataram. Ana krasa tentrem nalika ngerti Panacitra nututi dheweke. 

Rara Mendut urip ing kraton ora bisa ketemu karo Panacitra. Amarga krasa dikrangkeng ing kraton, Rara Mendut pengin urip ing njaba. Rara Mendut ngomong kara Tumenggung Wiraguna bab kepinginane mau. Tumenggung Wiraguna akhire sarujuk. Nalika wis ana ing njaba kraton kuwi, Rara Mendut bisa ketemu karo Panacitra nadyan meneng-meneng.

Rara Mendut nalika urip ing njaba kraton ora diopeni dening Tumenggung Wiraguna. Akhire dheweke luru dhuwit kanggo nguripi awake. Rara Mendut dodol rokok lintingan. Rokok mau didol ing prajurit kraton. Lintingan rokoke Rara Mendut misuwur banget. Misuwur amarga kanggo ngelem rokok mau, kertas rokoke dijilat karo ilate. Saliyane kuwi, kang nggawe laris, rokok mau sadurunge dinggo marang sing tuku, dirokok dhisik marang Rara Mendut. Jarene, rokok kang tipake Rara Mendut mau rasane luwih legi. Mulane kuwi rokoke Rara Mendut laris.

Rara Mendut lan Panacitra kerep ketemu meneng-meneng. Salah sawijing dina, Tumenggung Wiraguna entuk laporan bab ulahe Rara Mendut ing njaba. Nalika Rara Mendut lan Panacitra lagi ketemu, Tumenggung Wiraguna mergoki. Tukaran ora kena diendani. Tumenggung Wiraguna arep natoti Panacitra ananging dialangi Rara Mendut. Pungkasane, keris mau malah kena ing dadane Rara Mendut, Panacitra kang ana ing saburine melu mati. Amarga keris mau tembus lan ngenani dadane Panacitra.

Panacitra lan Rara Mendut kasil diperjaya dening Tumenggung Wiraguna. Katresnanane digawa kanthi tekaning pati. Akhire wong loro mau dikubur dadi siji sakuburan. Miturut sumber, saiki makame ana ing daerah Sleman Jogjakarta.

sumber: berbagai sumber

Tidak ada komentar:

Posting Komentar