Sabtu, 28 Februari 2015

GEGURITAN TERBAIK KARYA SISWA KELAS IX ANGKATAN 2014/2015 (1)

BIYUNG

Sliramu kaya cahya ana uripku
uga guru sajroning tumindaku
rasa katresnanmu marang sliraku
yen disawang gedhe banget
ananging aku kerep gawe pasuryanmu mrengut
nalika karep ngalahake pituturmu
ingkang gedhe samudra pangapuramu
ngimbuhi tentreming atiku
ing salakuning ragaku
ndadekake gumregah jroning atiku
gunemu marang sliraku ya mung siji
sregepa sinau lan donga marang gusti
iku tansah tak wanti-wanti
hormatipun ingsun namung kagem sliramu

Suryaniningsih (9A)


WAYAH WENGI

Awang-awang wis katon cemeng
Bagaspati wis ora kapirsa
Ganti badra kang kaya cakra
Kartika uga dadi rewang

Kahanan wis sepi
Amung jangkrik kang nyanyi
Lan swara kodhok kang keprungu
Bayu kang lumaku gawe jekut kulit

Saiki wayahe para manungsa sare
Kanggo karya salira bagya
Mandeg sedela saka makarya
Supaya sesuk bisa apik

Niken Lutfi (9A)

NUTUL

Sepi nyenyet senajan padha kumpul
wus sirna yen padha tutur tinutur
wus sirna yen padha regejegan
apa maneh yen padha dolanan

Iki kabeh amarga saiki jamane-jaman nutul
ora perduli yen pira-pira yuswane
ora perduli yen apa statuse

Gedhe, cilik, tuwa, enom, saiki padha tutul tinutul
kabeh-kabeh padha duwe cekelane dhewe-dhewe
ya ditampa wae amarga iki wus jaman nutul

Nehemia (9A)





Tidak ada komentar:

Posting Komentar