Senin, 23 Februari 2015

TEMBUNG GARBA

Tembung garba yaiku tembung loro utawa luwih kang digabung dadi siji kanthi nyuda wandane. Tembung garba uga bisa diarani sandi. Biyasane kanggo nyukupi guru wilangan ing tembang macapat.

Sandi tembung garba:

a + i = e
ana + ing = aneng

a + u = o
wira + utama = wirotama

a + e = e
nara + endra = narendra

u + a = wa
ratu + agung = ratwagung

u + e = we
jalu + estri = jalwestri

u + i = we/wi
mungguh + ing = munggwing

i + a = ya
taksih + alit = taksyalit


1 komentar: