Sabtu, 07 Februari 2015

ASAL-USUL DESA GERIT CLUWAK

Legendha desa Gerit miturut crita saka wong-wong duwe manekawarna versi. Gerit yaiku salah sawijining desa ana ing kecamatan Cluwak. Gerit abentuk saka bukit-bukit. Tanduran kaya cengkih, duren, rambutan, lan kayu sengon akeh ditemokake.

Miturut versi pisanan, desa Gerit mbiyen ana salah sawijining wit kang gedhe banget. Wit mau yen keterak angin muni. Unine mau gret-grot. Yen angin nerak mara ngalor unine gret. Dene yen nerak mara mengidul unine grot. Mula kuwi, desa kang arah lor wit iku diarani Gerit. Dene desa kang arah kidul wit iku aran Gerot.

Versi kaping pindho, kala jaman biyen penjajah yaiku walanda tekan daerah kang amba banget. Sesawangane jembar lan edi peni. Wong landa mau banjur ngomong basa walanda Great...Great..Great. Amarga wong jawa ora bisa ngomong tembung great, tembung mau owah dadi gerit. Mula kuwi daerah kana diarani Gerit saka tembung great kang duwe teges gedhe.


Sumber: Berbagai sumber

Tidak ada komentar:

Posting Komentar