Kamis, 12 Februari 2015

GEGURITAN "UDAN WENGI IKI"

Sitoresmi ing ratri iki sirna
Kartika kang ngancani melu musna
Slirane musna katutup mendung ing gegana
Tirta kang tumetes iki dadi pratandha
Pratandha rendheng tumeka

Wengi iki,
Kodhok melu ngakarya tembang
Nggawe lamunku saya ing awang-awang
Ing ngarep lawang iki daksawang
Deresing udan nggawe miris sesawangan

Cluwak, 11 Februari 2015

Tidak ada komentar:

Posting Komentar