Sabtu, 14 Februari 2015

ASAL-USUL DESA ING PATI

DESA BENDOKATON

Desa Bendokatan mapan ana ing sisih kulon Kecamatan Tayu. Miturut sumber-sumber mangkene asal-usul jeneng Bendokaton. Jaman biyen, ana salah sawijining wit gedhe. Wit mau arane "Bendo". Wit bendo mau kadang-kadang katon, kadang-kadang sirna. Mula kuwi, panggonan mau diarani "Bendokaton".

DESA PUNDENREJO

Desa Pundenrejo kena diarani Pule. Desa mau, mapan ana ing sakulone desa Tayu Kulon. Desa mau jaman biyen, punden kang ana ing daerah kana akeh ditekani wong-wong. Wong-wong mau saliyane saya suwe saya akeh kang mara ing punden. Mula kuwi panggonan kana diarani Pundenrejo kang duwe teges punden kang rame.


DESA MOJO

Miturut cerita, desa Mojo asale saka woh-wohan sing arane mojo. Jaman biyen para leluhuring desa mau, nganggo batok woh mojo kanggo ajang, godhonge dianggo suru, dening pakange dianggo teken. Saliyane kuwi, wite dianggo cagak utawa saka padepokan, lan tunggake dianggo lenggahan. Kanggo ngenang kedaden mau, banjur panggonan kana diarani desa Mojo.


DUKUHSETI

Dukuhseti yaiku salah sawijining kecamatan ana ing daerah Pati. Dukuhseti mapan ana ing paling lor Kabupaten Pati. Bates langsung karo Kabupaten Jepara. Jeneng Dukuhseti saka salahsawijining wali kang asmane Ki Brojo Seti. Ki Brojo Seti minangka wali kang duwe pawakan cemeng lan saking kerajaan Mataram. Piyambake minangka dadi pendiri desa Dukuhseti kang sedane tetep dipengeti nalika tanggal 12 Mulud.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar