Rabu, 04 Maret 2015

GEGURITAN HASIL KARYA KELAS IX 2014/2015 (2)

GOLEK ILMU

Jago kluruk medhun saka petarangan
Swara bedug lan kumandange adzan
Tumetese embun saka godhong wit-witan
Pratandha wayah fajar kang lumelek

Medhun saka panggonan sewengi
Ngumresiki raga lan madang sega
Menyang bale ilmu ketemu rencang sedaya
Sabar lan nggatekake dawuhe guru

Bubare saka bale ilmu
Wayah bagaskara ing dhuwur mustaka
Tekane griya,nggarap tugas saka bale ngelmu
kalakone saben dinane

Miratin Khasanah (9b)


SANG GURU

Sang guru...
Awakmu kang ana ing kalbu
Ingkang agawe aku guna
Ngerti artine ilmu
Kang migunani kanggo uripku

Sang guru...
Esuk lan awan
sliramu ora mandeg ngajari aku
nganti guntur nyamber ing awang-awang
matur nuwun guruku
mung iku sing bisa
aku ucap kanggo ngganti jasamu

Wisnu (9b)


NELAYAN

Tengah wengi awakmu lunga
ing pinggir segara cedhak kapalmu
nyepakake piranti lampu lan jala
makarya kangge nyambung uripmu

wayah rina awakmu bali
karo iwak lan kapalmu
mlaku ana panggonan TPI
kangge adol hasilmu wau

Taskiya (9b)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar