Jumat, 06 Maret 2015

GEGURITAN TERBAIK KELAS IX TAHUN AJARAN 2014/2015 (3)

Memberikan reward kepada siswa adalah salah satu strategi jitu agar meningkatkan motivasi belajar. Kali ini adalah reward yang saya janjikan kepada anak-anak kelas IX ketika pembelajaran menulis geguritan / puisi. Kali ini saya posting untuk geguritan terbaik kelas IX- C

MORAL

Ja padha dak sia urip marang sapadha-padha
Ayo padha elinga ajarane guru kita
Sepisan aja nyilakani,
maneh-maneh gelem mateni
Kapindho aja nglakoni
njupuk banda darbeke liyan

Kaping telu aja tumindak sedeng
Papat aja seneng ngapusi
Lima aja padha gelem mendem
Aja lali ngibadahe di sregepi

Ayo padha tindakna kang utama
Urip mung sedela
Sapa ngerti ngesuk ra ana
Ati kudu ditata
Welas asih marang wong tuwa
Unggah-ungguh dikembangna
Wajib ngurmat marang wong tuwa


SARWI (9C)

KAWICAKSANAN

Kawicaksanan...
Luwih aji tinimbang watu aji
Ngungkuli samubarang sing kokpingini
Wong sing wicaksana urip bungah
amargi kawicaksanan dalaning urip

Kawicaksanan
sing nguripi
Gawe urip seneng lan tentrem
Lakumu bakal slamet, lan
sikilmu ora kesandhung
Wong wicaksana oleh kaluhuran
Wong gemblung ngalami kawirangan


ASIH SETYORINI (9C)

TAMANKU

Tamanku ana ngarep omah
Katon endah edi peni
Manekawarna kembang sing ngrembuyung
nambah kaendahan

Tamanku
saben dina daktata lan dakopeni
Kaendahan sing gawe merak ati
bisa gawe lelipur ati


CITTALOKA (9C)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar