Minggu, 01 Februari 2015

JENISING LAYANG (SURAT)

Dina iki bu Linna arep mbahas babagan layang utawa surat. Layang kalebu kawruh basa. Jenising surat ana manekawarna. Jenising layang iku bisa diwaca ing ngisor iki.

1. Layang iber-iber
Layang iber-iber yaiku layang kang dikirim lewat kantor pos. Layang iber-iber bisa kaarani layang pribadhi.

2. Layang Kitir
Layang kitir yaiku layang kang isine cekak aos. Miturut basa Indonesiane layang kitir yaiku memo.

3. Layang Lelayu
Layang lelayu yaiku layang kang ngabari menawa ana wong kang seda.

4. Layang Ulem/ Sedhahan
Layang ulem utawa sedhahan yaiku layang kang isine ngundang wong amarga duwe khajat/ karep.

5. Layang Kekancingan
Layang kekancingan uga bisa diarani SK (surat keputusan)


Kuwi kang bisa kababar dina iki yaiku jenising layang/ surat. Moga-moga migunani. Matur nuwun

6 komentar: