Senin, 06 April 2015

GEGURITAN "GURU DALAN URIPKU"

Ora ngira, ora ngipi
Gusti nggawe lakuku saiki
Dadi abdining bumi pertiwi
Nggawe landhep pikiring para siwining negri

Kudu bisa digugu lan ditiru
Digugu pocapanku
Ditiru tumindaku
Supaya ora nggawe nacad jeneng guru

Nadyan kala-kala abang kuping iki
Merga tumindaking siwi
Daktampa kanthi lilaning ati

Aja nganti sepi ing kawruh
Aja pisan-pisan pikire landhep dengkul
Cancut taliwanda
Adus kringet aku lila
Adol swara lan ngelmu kanggo majuning negara

Cluwak, 6 April 2015

Tidak ada komentar:

Posting Komentar