Rabu, 08 April 2015

CERKAK "Ngarep Tablet Entuk Kapsul"

Sukri katon ngembang kacang, mbesengut ing pojokan kelas. Dheweke lungguh dhewekan sinambi mandeng kanca-kancane kang lagi ngerumpi. Ngerumpi heboh amarga pamer gadget sing canggih-canggih. Sukri anyel amarga dheweke ora duwe tablet kaya kanca-kancane. Sukri isin dheweke gaptek alias gagap teknologi. Diajak ngomong kancane bab fitur-fitur ing tablet ora bisa mangsuli.

Dina iki ora njarag dheweke bali sekolah nemokake koran salembar ing pinggir dalan. Dijupuk lan diwaca turut dalan. Temune ing kana ana pariwara tablet. Kanthi gumregah dheweke mlayu banter supaya dang age-age cepet tekan omah.

"Mak... Mak... Mak," bengokane Sukri bali saka sekolahan. Simboke kang krungu gugup sinambi mlayu marani anake.
"Kepriye le, ana apa?"
"Aku tukokna iki lho mak,,,iki,,,," Sukri ndudingi gambar ana ing suwekan koran lecek kang ditemok mau.
"Apa kuwi Kri?" Pitakone simboke njingglengi gambar mau.
"Halah mak, iku jenenge tablet." omongane Sukri karo nyelehake tas.
"Tablet kok ana gambare ta le. Tablet iku ndak ya sing obat kae?" pitakonane ibune rada gumun.
"Mak'e ki gak gaul. Ki gawanane cah nom-noman saiki mak. Aku tukokna pokoke."
"Pira leh le regane?"
"Sayuta paling mak."
"Hah!" Ibune Sukri kaget krungu omongane anake. "Sayuta iku ndak dhuwit blanjane simbokmu iku rong sasi le."
"Pokoke aku tukokno!" Sukri ngeyel banjur mlebu ing kamare karo paraupan mrengut ing rai.
Ibune Sukri isih lungguh kaget karo mandeng gambar tablet ing koran sing diselehake Sukri ing dhuwur meja.
"Kri, Sukri mbok ya njaluk iku sing regane murah-murah wae ta le, simbokem iki arep entuk dhuwit saka ngendi yen regane larange mangkana?" gresulaning ibune Sukri.
Ing njero kamar, Sukri ucul-ucul klambi karo mbatin, "Aku kudu tuku tablet iku. Masa kanca-kancaku padha gaul aku ndesa dhewe."
Noleh mangiwa ana celengan pitik abang kang saben dinane dileboni recehan ora ketang mung sewu rongewu. Celengan pitik ing pojokan meja belajar iku banjur dicedhaki lan dikocok-kocok. Dielus-elus lan diambungi. Pyar... Celengan pitik mau saiki wis pecah dibanting. "Ngapurane ya cur, aku blenjani janji." Sukri wis tau janji yen lancur celengan pitike mau bakal dipecah nalika dheweke munggah kelas 9. Ananging, saiki amarga nuruti hawa nepsu, celengan mau dipecah. Dhuwit recehan wiwit satus tumekan sepuluh ewu gumlethak ing jogan. Sukri banjur nglumpukake dhuwite. Diitung-itung kanthi tliti. Tumekane entuk dhuwit mung Rp 213.100,-.
"Alhamdulillah ya Allah isih entuk dhuwit semene. Ananging isih kurang. Entuk saka ngendi iki kurangane?" Sukri ngomong dhewe karo mandeng dhuwit satumpuk ing ngarepe.

***

Sore-sore, Sukri pamit karo simboke lunga ing omahe Rudi kancane. Sepedhane diolahi kaya digudag kirik, banter banget. Paraupane isih suntrut amarga kepinginane duwe tablet durung kelakon. Sukri arep njaluk panemu marang kanca pleke Rudi, kepriye carane supaya bisa ngganepi dhuwite kang isih kurang kanggo tuku tablet.
Sepedhane dijagrakake banjur dheweke setengah mlayu marani omahe Rudi, "Rud...Rud...iki aku Sukri!" bengokane Sukri. Rudi isih riyip-riyip metu nemoni karo nesu sithik-sithik, "Ana apa ta Kri? Bengok-bengok kaya pitik arep ngendhog."
"Wah sorry bro aku nganggu turuem. Ngene lho, aku ki kepingin curhat."
"Curhat apa leh, sajake kok wigati men?" semaure Rudi karo sinambi jigrang ing lincak.
"Aku pengin nyambut gawe ki."
"Weleh..." semaure Rudi rada kaget-kaget ngenyek.
"Tenan iki Rud. Aku iki pengin tuku tablet kaya nggonanmu kuwi. Dhuwitku iki lagi entuk Rp 213.100, Iki kira-kira kurangane kepiye?"
"Piye nek dhuwitem mbok depositna ing kang Parjo iku."
"Apa iku Rud?"
"Ngene, jarene dhuwit kang disimpen ing kang Parjo iku bisa manak. Umpama aku nyimpen dhuwit Rp 1000, mengko let rong minggu bisa manak dadi Rp 3000. Piye kepincut ora?"
"Wah.... Gathuk iku Rud. Mengko dhisik aku tak pamit. Aku meh mikir!"
Kaya entuk wahyu, Sukri ngolahi sepedhane karo sisu. Paraupan suntrut malih dadi eseman. Tekan omah, tanpa menga-mengo dheweke karo sisu langsung mlebu ing kamare. Ora ngerti yen neng kana ana simboke kang ngawasi. Simboke mau gumun ndeleng tumindak anak lanange sing ora wajar. Mau pamit lunga mrengut, saiki ngguya-ngguyu karo mlaku.

***

Ing njero kamar, dhuwit celengane mau dijupuk lan didekep. Banjur gemlethak ing dhuwur kasur sinambi nyawang awang-awang lan ngomong dhewe, "Hmmm,, yen dhuwitku Rp 200.000 iki dak wehake Kang Parjo, walah let rong minggu bakal dadi Rp 600.000 apa maneh yen dak jupuk 4 minggu, weleeeeeh akehe dhuwitku, sida tenana iki duwe tablet."
Kanthi madep mantep, Sukri age-age tangi saka lamunane. Mlaku ngoncok tanpa noleh lan pamit marang simboke. Dhuwite disaki lan ngolahi pit menyang omahe Kang Parjo. Turut dalan ing pikirane gur dhuwit kang manak dadi mberah. Lamunane wis tekan dheweke duwe tablet anyar. Tablet warna putih kang katon elegan disawang. Tablet mau dipamerake ing kanca-kancane sekelas. Sing biyen gaptek, saiki bareng tablete anyar, wis ora gaptek maneh. Wis isa melu-melu pamer lan nyambung yen dijak rembugan bab-bab teknologi jaman saiki.
Lamunane buyar nalika Sukri sadar yen dheweke kelantur kira-kira sekilo, "Hehe...Hoya saking senengku arep entuk tablet dadi sedeng pikirku, nganti kelantur." omongane Sukri ngguyu awake dhewe.
Sepedhane dibalikake banjur nutukake lakune menyang omahe Kang Parjo. Tekan omahe Kang Parjo, kahanane rada sepi. Gur ana wong loro. Manawa uga nitipake dhuwtie. Kira-kira 10 menit olehe ngantri.
"Mangga Kri, ayo mlebua." Kang Parjo nyeluk Sukri
"Nggih Kang."
"Ana apa? Apa sing bisa tak rewangi?"
"Hmmm... Ngene Kang, aku arep titip dhuwit, tapi sithik gur Rp 200.000 ewu."
"Ora masalah. Rp 200.000 ewu lak yo padha ae dhuwit ta? Ora godhong. Arep mbok titipake pirang Minggu? Yen seminggu gur manak 100%, rong Minggu 200%, lan sapiturute. Piye?"
"Daktitipake sesasi ae Kang."
"Oke... Mengko dhisik tak gawekake oret-oretan kanggo bukti." Kang Parjo nulis ing nota kanggo bukti transaksi karo Sukri.
"Iki buktine. Mrenea sesasi maneh. Tak jamin ora nyesel. Praktekku iku wis terbukti. Wis misuwur seantero desa Bumi Raya iki."
"Nggih Kang aku percaya."
***

Sesasi wis lumaku. Esuk iki, kaya padatane Sukri tangi banjur sarapan lan mangkat sekolah. Ananging, Sukri nganggep yen dina iki lakune rada suwe. Dheweke kepingin dang age-age jam 1 awan. Nalika bel bali sekolah muni, dheweke mlayu saka kelas langsung menyang parkiran. Kanca-kancane ditinggal. Sukri cepet-cepet kepingin tekan omahe Kang Parjo.

Tekan omahe Kang Parjo, kahanan sepi. Lawang kancingan, jendela tutupan, larahan pating kececer kaya wis ditinggal suwe. Atine Sukri rada ora kepenak. Dheweke nolah-noleh kiwa tengen sepi. Bengak-bengok ya ora ana sing nyauri. Ndilalahe ana wong lewat. Sukri marani wong liwat mau. "Kang, sampeyan ngerti geneya omah iki tutupan?" pitakonane Sukri
"Lho, awakmu ora krungu ta le, Parjo kae diciduk polisi seminggu wingi."
"Geneya Kang?"
"Amarga nipu atusan yuta."
Krungu kabar kaya ngono, dengkule Sukri lemes. Dheweke langsung ndhoprok ing lemah. Nangis bengok-bengok. Dhuwite ilang. Ngimpine tuku tablet wis sirna. Saiki sirahe ngelu. Arep luru neng ngendi dhuwite. Ngarep tuku tablet ben isa nggaya, malah entuk kapsul, tamba ngelu sirahe kang bar kelangan dhuwit lan ngimpi.






4 komentar: