Sabtu, 31 Januari 2015

WAYANG PEKSI JATAYU SANG GARUDHA WICAKSANA

Resi Jatayu salah sawijining paraga ana ing crita Ramayana. Resi Jatayu iku manuk awujud garudha kang duweni watak wicaksana. Dheweke tansah eling marang sang Hyang Agung, mula banjur duweni jejuluk Resi. Resi Jatayu yaiku anak saka Resi Briswawa lan Dewi Brahmanistri. Dewi Brahmanistri yaiku anak wadon saka Dewa Brahma. Dadi, kena disimpulake yen Resi Jatayu yaiku wayahe Dewa Brahma.

Resi Jatayu duwe sedulur telu yaiku Garudha harna, Garudha Brihawan, lan Garudha Sempati. Resi Jatayu nalika isi enom, kekancan raket banget karo Raja Ayodya Prabu Dasarata. Prabu Dasarata iku bapake Prabu Rama. Nalika Dewi Sinta digeret digawa mabur dening Rahwana, Resi Jatayu aweh pitulungan. Resi Jatayu nyamber tangane Rahwana. Resi Jatayu ora tega krungu tangise Dewi Sinta.



Dewi Sinta kudu-kudua uwal saka pancekele Rahwana. Ananging tangani Rahwana nggegengi kuat tangan Sinta. Sinta ora bisa uwal. Kabeh perhiasane padha gogrok tiba ana ing lemah. Resi Jatayu kanthi sisa dayane nyerang Rahwana. Ananging tetep ora bisa. Dheweke malah diajar dening Prabu Rahwana. Resi Jatayu akhire swiwine sengkleh. Dheweke akhire tiba ana ing lemah. 

Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung golek Dewi Sinta sing ilang saka kemahe. Rama lan Lesmana luru ngubengi alas Dhandaka. Nalika luru, akhire ketemu manuk Jatayu sing lagi sekarat. Rama age-age nulungi. Ananging, kahanane Jatayu wis ora bisa ditulungi. Resi Jatayu sadurunge nemahe seda, wadul marang Rama. Jatayu nyritakake menawa garwane yaiku Sinta diculik dening Raja Alengka Dasamuka. Banjur Resi Jatayu mati.

Pitutur kang bisa kajupuk saka Resi Jatayu yaiku awake dhewe kudu tansah gelem aweh pitulungan marang sapa bae kang mbutuhake.

WANGSULAN PITAKON BAB RESI JATAYU KANTHI NGEKLIK TULISAN ING NGISOR IKI!

GLADHEN

15 komentar:


  1. Hey, I think your blog might be having browser compatibility issues. When I look at your blog site in Safari, it looks fine but when opening in Internet Explorer, it has some overlapping. I just wanted to give you a quick heads up! Other then that, great blog! outlook 365 sign in

    BalasHapus
  2. Crita bab peksi jatayu di jukut saka babon wayang apa?

    BalasHapus
  3. Ka tolong kasih jawaban
    Sebutkan piwulang atau pitutur saka cerita peksi jatayu sang garudha wicaksana secepatnya

    BalasHapus
    Balasan
    1. Yaiku tansah eling marang sang Hyang Agung




      Semoga membantu🤗

      Hapus
  4. Kak tolong jawabanya apa sebabe peksi jatayu olih jejuluk resi plis tolong bantu kak aku mohon kak

    BalasHapus
    Balasan
    1. Wicaksana lan tansah eling marang sang Hyang agung

      Hapus
  5. Asalamualaikum kak bisa tolong bantu saya buat ngerjain pr bahasa jawa kak

    BalasHapus
  6. Sebutna piwulang (pitutur luhur ) saka cerita peksi jatayu sang garudha wicaksana ? Plis bantu ya kak aku mohon ka soalnya buat di kumpulkan kan

    BalasHapus
  7. kak tolong jawaban nya apa gagasane bakune saka paragraf iku

    BalasHapus
  8. Paraga kidang wulune emas ing carita Pangurbanane Jathayu iku sejatine malihane sapa?

    BalasHapus
  9. TULISEN POKOK-POKOK CERITA RESI JAYATU. SABEN PARAGRAF SAUKARA. Tolong jawaban nya kak 🙏🙏

    BalasHapus
  10. Ukara iki nggunakake unggah-ungguh basa apa

    BalasHapus