Kamis, 22 Januari 2015

TULADHA NGGAWE GEGURITAN

Bagaskara wis ngancik ing gegana
sumringah ngatonake eseme
hawa adem jengkut dadi anget
gawe lumakuning angga iki gumregah



Tuladha geguritan ing dhuwur nggambarake kahanan ing wayah rina, udakara jam 7 esuk. Bagaskara duweni teges srengenge. Majas kang digunakake ing geguritaning dhuwur umume nganggo majas personifikasi. Gegana duweni teges awang-awang utawa langit. Dadi, Bagaskara wis ngancik ing gegana duweni karep yen srengenge wis mulai suminar.

Sumringah duweni teges seneng. Dadi, sumringah ngatonake eseme duweni karep yen srengenge njedul iku cerah ora mendung.

Hawa adem jengkut dadi anget duweni karep yen wiwitane nalika isih fajar hawane adem, saiki srengenge wis njedul hawane dadi anget.

Gawe lumakuning angga iki gumregah duweni karep yen penganggit iki semangat nglakoni panggawean.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar