Senin, 19 Januari 2015

ASAL-USUL CLUWAK

Kecamatan Cluwak mapan ana ing sisih paling kulon Kabupaten Pati. Kecamatan Cluwak cedhak karo Kabupaten Jepara. Daerah Cluwak abentuk gunung-gunung. Dalane menggak-menggok. Kecamatan Cluwak dadi salah sawijining kang ngasilake buah duren, rambutan, lan matoa. Cluwak uga misuwur dadi kecamatan kang ngasilake cengkih lan kayu sengon. 

Jeneng Cluwak, ora kari karo crita Joyodrono ing posting asal-usul desa Sirahan wingi. Joyodrona nalika ditugel sirahe, awake kaya wong bingung. Awake mloka-mlaku ora duwe tujuan. Gembung mau, diarani wong-wong clula-clulu kari awak. Mula kuwi, daerah kang dianggo riwa-riwi gembung mau diarani Cluwak. Cluwak saka tembung clula-clulu kari awak.

Legendha jeneng Cluwak iki, bu Linna entuk saka crita masyarakat Cluwak. Muga-muga, crita iki bisa nambah pengetahuan marang murid-muridku SMP N 1 Cluwak khususe, lan para netizen umume. Matur Nuwun.



Sumber: berbagai sumber

Tidak ada komentar:

Posting Komentar