Selasa, 06 Januari 2015

ASAL-USUL AKSARA JAWA

Versi sing kapacak ing ngisor iki miturut vèrsi ing buku Layang Hanacaraka anggitan Darmabrata (1939):
Kacarita ing jaman mbiyèn ana wong sakan Tanah Hindhustan anom jenengé Aji Saka. Dhèwèké putrané ratu, nanging kepéngin dadi pandhita sing pinter. Kasenengané mulang kawruh rupa-rupa. Dhèwèké banjur péngin lunga mencaraké ngèlmu kawruh ing Tanah Jawa.
Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdiné papat sing jenengé Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha lèrèn. Aji Saka banjur nilar abdiné loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.Déné Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora olèh lunga saka kono. Saliyané iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakané, didhawuhi ngreksa, ora olèh dielungaké marang sapa-sapa.
Aji Saka banjur tindak karo abdiné loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihé ngaran Kyai Tengger.
Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi siswané. Para siswané padha tresna marang Aji Saka amerga dhèwèké seneng tetulung.
Nalika semana Aji Saka mondhok nèng omahé nyai randha Sengkeran dipèk anak karo nyai randha. Kyai patih karo nyai randha iya wis dadi siswané Aji Saka.
Anuju sawijining dina sang prabu Déwata Cengkar duka banget ora wong manèh sing bisa didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosaké sang nata dadi dhaharané.
Sang nyai randha lan patih dadi kagèt banget. Nanging Aji Saka celathu yèn wong loro iku ora usah kuwatir yèn dhèwèké ora bakal mati. Banjur Aji Saka diateraké ngadhep prabu Déwata Cengkar.
Prabu Déwata Cengkar ya rumangsa éman lan kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwuné, yaiku nyuwun lemah saiket jembaré. Sing ngukur kudu sang prabu dhéwé.
Sang prabu Déwata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhéwé. Iketé Aji Saka dijèrèng. Iketé tansah mulur baé, dadi amba serta dawa. Iya dituti waé déning sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis mèpèd ing pinggir segara, iketé dikebutaké. Déwata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul.
Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratuné sing diwedèni wis sirna. Seka panyuwuné wong akèh. Aji Saka nggantèni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk prabu jaka, iya prabu Widayaka. Déné patihé isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadèkaké bupati, ngarané tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga.
Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada. Kacarita sang prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih serta para bupati. Sang prabu kèngetan abdiné sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi. Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriyé wartané si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwé ora krungu apa-apa.
Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha krungu pawarta manawa gustiné wis jumeneng ratu ana ring Mendhung Kamolan. Si Dora ngajak sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewaleré gustiné, ora pareng lunga-lunga seka pulo Majethi, yèn ora tinimbalan.
Nanging si Dora nékad arep sowan dhéwé. Si Sambada ditilapaké. Banjur mangkat ijèn waé. Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur diajak bali déning si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem. Wong telu banjur sowan ing ngarsané sang prabu.
Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan diwangsuli yèn dhèwèké ora gelem diajak. Mireng aturé si Dora, sang prabu duka banget, lali dhawuhé dhéwé mbiyèn. Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yèn meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan kerisé dibalèkaké.
Dora sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yèn mentas sowan gustiné. Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora ngandel marang kandhané si Dora. Banjur padha padu ramé. Suwé-suwé padha kekerangan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayané. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perangé sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabèh.
Sang Prabu ngarep-arep tekané si Dora. Wis sawetara suwéné teka durung sowan-sowan mangka didhawuhi énggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga. Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi. Sanalika banjur mangkat.
Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kagèt banget déné si Dora lan si Sembada ketemu wis padha mati kabèh. Tilasé mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumléthak ana ing sandhingé. Pusaka banjur dijupuk arep diaturaké marang gustiné.
Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsané gustiné lan mratélaké kahanané. Sang Prabu Widayaka kagèt banget mireng pawarané, awit pancèn kaluputané dhéwé wis kesupèn pandhawuhé. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mèngeti abdiné loro iku.

(sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Carita_Aji_Saka)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar