Kamis, 29 Januari 2015

WAYANG GATHOTKACA

Gathotkaca kuwi salah sawijining putra Bima. Gathotkaca lair saka buta wadon jenenge Arimbi. Bima utawa Bratasena bisa kepincut marang Arimbi amarga saka ibune yaiku Dewi kunti.Dewi kunti maes Arimbi dadi ayu, sahingga Bima kepincut.Saka daupe Bima lan Arimbi, lair Gathotkaca. 

Gathotkaca nalika lair bentuke setengah manungsa lan buta. Ari-arine nganti kurang luwih 16 dina saka laire durung bisa pedhot. Pramila, pak like yaiku Arjuna golek gaman sing jenenge kuntawijayadanu. Ananging, Arjuna mung entung waranggane utawa wadahe.Isi kuntawijayadanu mau wis kajupuk dhisik dening Karna. Amarga warangga kuntawijayadanu mau, ari-ari Gathotkaca bisa pedhot.

Gathotkaca nalika isih bayi uga digodhog ana kawah candradimuka. Sawise digodhog mau, Gathotkaca malih dadi ksatria kang gagah perkasa, duwe otot kawat balung wesi.Gathotkaca bisa mabur tanpa lar. Nalika ana ing perang Baratayuda, Gathotkaca bisa mateni anake Dursasana. Gathotkaca ketemu pangapesane ana ing perang Barathayuda. Gathotkaca ketemu isine kuntawijayadanu, kang waranggane tau dianggo ngethok ari-arine. Adipati Karna kasil merjaya Gathotkaca nganggo gaman Kuntawijayadanu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar