Kamis, 08 Januari 2015

GEGURITAN "ANAKKU"



Anakku lir bagaskara ing wayah rina
Gumebyar gawe tentrem ati
Ati simbokmu le...

Anakku...
Esemmu obat kanggo simbokmu
Nalika simbokmu kesirep kerliping donya

Anakku...
Luh lan waspaning simbokmu aja kokgawe muspra
Kawruh lan beciking tata kramamu
Ganjaran surga kanggo simbokmu

Anakku...
Aja bubrah, aja susah
Tresnaning simbokmu tansah ngrembaka ing saidenging jaman


Tayu, 8 Januari 2015

Tidak ada komentar:

Posting Komentar