Rabu, 28 Januari 2015

GEGURITAN "BAGASKARA DINA IKI"

Bagaskara wis ngancik ing gegana
hawa adem njengkut dadi anget
gawe lumakuning angga gumregah
pratandha rekasaning golek upa kawiwiti
kawiwiti tanpa mrengut ing pasuryan

Dhuh Gusti,
daksuwun aja gawe bagaskara ngilangake eseme
udan riwis-riwis bakal ngabotake lakuku
menawa gegana iki netesake waspa,
bakal daktampa Gusti

Ananging Gusti,
tumetesing waspa iki aja rina iki
angga iki duwe karep
karep lelungan ketemu sigaraning nyawa


Cluwak, 26 Januari 2015

2 komentar:

  1. bagus mas geguritannya ijin copas ya
    kunjung balik ya mas
    http://geguritan.com/

    BalasHapus