Jumat, 09 Januari 2015

ASAL-USUL DESA SIRAHAN

              Desa Sirahan mapan ing bates antarane kabupaten Pati-Jepara. Desa Sirahan kalebu ing Kecamatan Cluwak. Mula bukane jeneng "SIRAHAN" yaiku ana salah sawijining crita. Jaman biyen, ana kecu utawa rampok sing nyolong pusakane gurune. Kecu mau jenenge Joyodrono, dening gurune duwe asma Ki Jiwanala. Joyodrono nyolong pusakane gurune nalika Ki Jiwanala turu. Kedadean kuwi nalika Ki Jiwanala ngemban tugas mbabat alas ing sakuloning Tayu.

                 Joyodrono konangan nalika nyolong pusakaning Ki Jiwanala. Tumekaning loro karo padha gelut. Ki Jiwanala menang, lan Joyodrono sirahe dipenggal. Ananging, Joyodrono isih bisa urip sanajan sirahe wis ucul saka gembung (awake). Dheweke duwe ngelmu pancasona.

                Sirahe Joyodrono dibuwak marak mengulon. Ki Jiwanala akhire luru sirahe mau. Gembung (awak) Joyodrono mau diobong ing salah sawijining panggonan kang saiki petilasane diarani "Punden Kobar". Ana ing sisihe panggonan mau, sirahe Joyodrono dituncepke ing kayu lan dianggo tontonan. Panggonan kono mau pungkasaning diarani "SIRAHAN".

              Ana jaman saiki, Desa Sirahan misuwur minangka panggonan kang dadi pusating keagamaan khususe Agama Islam. 


Sumber : berbagai sumber

2 komentar: