Jumat, 18 Desember 2015

Mengenal Tembang Macapat Pocung

Assalamu'alaikum... Bu Linna arep ngandharake babagan tembang macapat "Pocung". Pocung, miturut cacahing gatra, mung duwe patang gatra (4 larik). Tembang Pocung asring dianggo nggawe cangkriman. 



Kaya tuladha:

Bapak pocung dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing sabrang
Ngon-ingone sang bupati
Yen lumampah si pucung lambeyan grana

Cangkriman tembang pocung ing dhuwur mung salah sawijining tuladha. Saliyane, dianggo cangkriman, tembang pocung duwene watak lucu. Tembung pocung miturut wikipedia, saka tembung cung kang duweni teges kuncung kang kerep digathukake karo bocah jaman biyen sing seneng dikuncir kuncung.

Ananging, tembang pocung uga biyasa digathukake kanggo ngelingake wong marang pati. Pocung kuwi digathukake karo pocong kaya pralambang mori kanggo mbungkus layon.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar