Senin, 27 Juli 2015

MENGENAL ASMARADANA

Asmaradana yaiku salah sawijining tembang macapat. Asmaradana saka tembung asmara lan dahana. Asmara kang duwe teges tresna, dene dahana duweni teges geni. Kena dijupuk dududan bilih asmaradana kuwi genining tresna. Genining tresna uga bisa ditegesi samubarang kang ana gegayutane karo tresna. Asmaradana asring gegayutan karo wong kang nandang wuyung utawa lagi gandrung yen neng basa Indonesia yaiku jatuh cinta.

Asmaradana duweni gatra cacahe 7 larik. Kanggo ngapalake paugerane tembang macapat asmaradana iki gampang. Asmaradana duwe guru wilangan ing saben larike 8 kajaba ing larik 5. Ana ing larik 5, guru wilangane cacahe 7.

Mangkene paugerane

8i
8a
8e
8a
7a
8u
8a

gatra siji guru lagune (i), banjur (a), (e), (a), (a), (u), (a).. Bab paugeran tembang macapat kena dipelajari ana ing postingan sadurunge. Klik link iki http://omahelinna.blogspot.com/2013/05/paugeran-tembang-macapat.html

Tuladha cakepan tembang macapat asmaradana

Aja turu sore kaki
ana dewa ngangglang jagad
nyangking bokor kencanane
isine donga tetulak
sandhang kelawan pangan
yaiku bageyanipun
wong melek sabar narima

source: pemahaman penulis dan berbagai sumber

Tidak ada komentar:

Posting Komentar