Senin, 29 September 2014

KAWRUH BASA "TATA CARA MANTON 1"

Krama utawa nikah kuwi wajib yen wis mampu. Adat kang digunakake minangka nikah, ana ing wilayah siji lan liyane uga beda. Ana ing Jawa Tengah wae kadang ana bedane. Ana posting iki, aku arep crita babagan tata carane mantu. Mantu iku miturut kerata  basa tegese eman-eman metu.
Mantu kuwi salah sawijining adat -istiadat kang tetep ngrembaka ing Jawa Tengah. Ananging, kadang kala ana kang disingkat lan diowahi sithik-sithik miturut kahanan. Ing ngisor iki, arep dakjelaske tata cara mantu.
1. Madik
Yakuwi milah-milih calon bojo. Ateges nek cara wong Pati unine ndhedheki. Wong lanang biyasane wis duweni wong kang ditresnani, banjur dipilih dadi calon bojone.
2. Utusan
Sawise milih, banjur wong lanang ngutus utusan kanggo mara ana omahe cah wadon kang dipilih mau. Basa liyane yakuwi nothok lawang.
3. Salaran
salaran yaiku plakune para utusan menyang omahe cah wedok.
4. Nontoni
Sawise wis dithothok lawange, bacah lanang biyasane wis wani dolan rada kerep nyang omahe calone. Ananging, yen dijodhohake, nontoni kuwi urutan kang penting, amarga nembe wiwitan ketemu calon bojone.
5. Lamaran
Prosesi iki, pihak lanang nglamar kanthi nggawa kaluargane lan uba rampe liyane.
6. Gethak dina
Urutan iki keluarga loro padha rembugan dina kang pas kanggo ijab-qobul.
7. Singsedan
Iki minangka pratandha yen bocah wadon wis ditaleni lan ora oleh goleh liyane. mangkono uga bocah lanange. Singsedan biyase arupa emas-emas kaya ali-ali utawa kalung.

8.  srah-srahan
pihak wong lanang aweh barang-barang kanggo pihak wong wadon. Biyasane srah-srahan ana ing Jawa ora ninggal panganan saka ketan. Miturut wong tuwa, supaya lengket trus oleh omah-omah.
9. Panitya/ Kumbakarnan
Iki mbentuk panitiya lan dikumpulake ing rapat kumbakarnan.
10. Pasang Tarub
Ateges pasang deklit, tratak, lan sapiturute.
11. Siraman
Pihak wadon nglakoni siraman
12. Dodol dhawet
Pihakwadon dodol dhawet lan dituku karo tamu-tamu nganggo kreweng.
13. Ngalub-alubi
Wong wadon calon manten di paes supaya mangklingi.
14. Midodareni
Bengi sadurunge acara ijab-qobul kuwi diarani midodareni. Biyasane diisi karo melekan utawa manten wadon diluluri lsp.
15. Ijab-qobul
Acara kang paling penting. Pratandha minangka pasangan wis sah dadi bojone.

2 komentar:

  1. matur sembah nuwun elminipun pak, mugi-mugi saged nggina kagem sedaya

    BalasHapus
    Balasan
    1. sami-sami..mugi2 ingkang dipunandharaken saged migunani tumprap para siswa khususipun ugi tiyang kathah umumipun.. matur nuwun sampun mampir..

      Hapus