Senin, 31 Oktober 2016

Tradisi Ngalong Di Jawa

Sugeng enjang..
Posting dina iki, bu lina arep mbahas babagan tradisi kang isih ngrembaka ana ing tanah Jawa yaiku ngalong. Ngalong kaya dene gugur gunung isih ngrembaka. Ngalong duwe jeneng liya rewang. Rewang marang tangga utawa sedulur kang duwe kajat. Kajat bisa mantu, tetakan, selapanan, lan liya liyane.

Tembung ngalong saka tembung ngelongi. Ngelongi ing kene duwe teges ngelongi gawean tangga teparo utawa sedulur kang duwe kajat supaya krasa enteng. Ananging, uga kerep didadekake guyonan ngelongi panganan ana ing kajatan.

Tradisi ngalong kuwi isih ngrembaka ana ing tanah Jawa khususe daerah dusun. Ana ing kutha, tradisi ngalong menawa wis ora patiya ana. Amarga saiki wis bisa pesen alias katering.

Tradisi ngalong kuwi nunjukake yen tangga teparo katon guyub rukun. Seguyub nalika seneng utawa kesusahan.


4 komentar: