Selasa, 18 Oktober 2016

Sendang Sani Versi Disbudparpora Pati

Crita Sendang Sani iki panci ana rong versi. Versi siji wis nate tak bahas ana ing posting kepengker . Kang mbedakake yaiku tokoh utama ana ing legendha Sendang Sani. Ana kang nyebutake Sunan Kalijaga, ana uga kang nyebutake tokoh utamane yaiku Sunan Bonang.

dokumen pribadi sinaujawa.com


Disbudparpora Pati, jelas nerangke yen tokoh utama legendha Sendang Sani yaiku Sunan Bonang. Buktine ana ing plang kang tumancep ing kawasan Sendang Sani.

Dening crita versi Disdikpora Pati mangkene.

Ing sawijining dina, Sunan Bonang arep sowan ing Gunung Muria. Sunan Bonang arep ketemu karo Sunan Muria yaiku putrane muride Sunan Kalijaga. Sunan Bonang dikancani karo abdine loro. Amarga kahanan kang panas, rombongan mau ngelak lan sayah. Banjur, Sunan Bonang ngutus abdine mau nggolek banyu kanggo ngombe lan wudhu amarga wektu wis mlebu wayah dzuhur.

Abdine mau diparingi ancer-ancer supaya nggolek sumber ana ing sangisore wit gedhe. Kanggo nggampangake penggaweane para abdine, Sunan Bonang nyekeli abdine tongkat sakti kanggo dituncepake ing sangisore wit gedhe mau.

Abdine mau banjur lunga nggoleki wit gedhe kang diweling Sunan Bonang. Ora wetara suwe, wit mau ketemu. Abdine mau banjur nuncepake tongkate Sunan Bonang ana ing sangisore wit. Ajaib!!! Ana ing panggonan kuwi metu sumbere. Metu banyune. Banyu mili terus ora mandheg-mandheg. Mula, ora wetara suwe, panggonang sangisore wit mau dadi sendang.

Saking bungahe, para abdine Sunan Bonang lali karo welinge. Abdi loro mau banjur mudhun ing Sendang mau. Dheweke padha ngombe lan jeguran kanggo ngilangake rasa sumuk lan ngelak.

Sunan Bonang ngenteni para abdine ora bali-bali. Banjur piyambake ngluru para abdine mau. Suwene nggoleki para abdine mau, akhire ketemu. Sunan Bonang kaget ngerti tumindake para abdine.Para abdine lagi bungah jeguran tanpa eling marang gurune yaiku Sunan Bonang. Mula, Sunan Bonang duka. Sunan BOnang banjur ngutuk abdine loro mau dadi bulus. Ora suwe, abdine mau malih dadi bulus.

Bulus-bulus mau banjur ngaca ana ing sendang. Bulus-bulus mau kaget. Banjur nangis lan njaluk supaya Sunan Bonang mbalikake dheweke dadi manungsa maneh. Ananging, apa kan dingendikakake Sunan Bonang mau ora bisa dicabut maneh. Abdi kang malih dadi bulus mau akhire ora entuk melu sowan ing Muria. Sunan Bonang ngutus supaya bulus-bulus mau njaga sendang mau.

Sunan Bonang banjur ngendikan yen panggonan iku jenenge sendang sani. Sendang kang tegese sumber banyu. Sani tegese sisa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar