Selasa, 10 September 2019

Anoman dadi Duta

Sawise Jatayu seda, Rama lan Lesmana sedina nggoleki Dewi Sinta. Wong loro ora padha turu. Nalika Rama keturon, dheweke ngimpi yen kudu mara menyang alas Raksamuka nemoni salah sawijing wanara. Rama tangi gragapan banjur lunga ing alasa Raksamuka. Ing alas Raksamuka, Rama lan Lesmana kepethuk kethek (wanara) sing kejepit. Banjur Rama lan Lesmana age-age nulungi.

https://sulukart.com/wp-content/uploads/2018/03/Kaos_Anoman_Sulukart_2.jpg


Wanara kang kecepit mau jenenge Sugriwa. Sugriwa dicepit dening sedulure Subali. Sugriwa banjur nyritakake kedadean nalika ing guwa Kiskendha. Sugriwa matur karo Rama supaya kersa nulungi ngalahake Subali. Menawa Rama kersa, Sugriwa bakal suwita marang Rama.

Rama sarujuk. Banjur wong telu yaiku Rama, Lesmana, lan Sugriwa menyang Guwa Kiskendha. Sugriwa lan Subali gelut. Rama melu gelut. Subali kang ngerteni yen Sugriwa direwangi saya nesu. Subali ora trima urusane dicampuri dening wong liya.

Bandayuda ora bisa kaselaki. Subali pungkasane sadar yen tumindake kuwi luput. Dheweke gela, ananging gelane kuwi wis telat. Sugriwa nendhang Subali. Ora ana sing bisa slamet yen kena sadhukane Sugriwa. Pungkasane Subali ngucap, "Sugriwa, apuranen aku. Saiki dakpasrahake anakku, wenehana jeneng Anggada lan tampanen kabeh kasektenku." Nanging kasektene Subali ditampa Rahwana. Sugriwa gela. Amarga panglipure Rama, dheweke gumregah maneh. Sugriwa banjur suwita marang Rama.

Rama, Laksamana, lan Sugriwa banjur nggawe rancangan mungsuh Rahwana. Pungkasane, Rama ngutus supaya Anoman dadi duta menyang Alengka. Ananging, Anggada ora narimakake. Wanara loro mau banjur adu cepet. Sapa sing bisa tekan Alengka cepet, kuwi sing bakal dadi duta. Anoman sangguh 10 dina, Anggada saguh 7 dina. Anoman saguh 5 dina, Anggada saguh 3 dina. Banjur Anoman mangsuli yen dheweke saguh tekan Alengka mung sedina. Anggada banjur kuciwa. Dheweke kagawa angin saka Anoman.

Anoman banjur mangkat menyang Alengka. Supaya bisa sedina tekan Alengka, dheweke sowan menyang Bathara Surya. Bathara Surya kasuwun supaya ngendeg srengenge. Kanthi rerayune Semar, Bathara surya kersa ngendheg lakune srengenge.

Anoman nutukake laku. Tutug sadhuwure segara Alengka, Anoman kasedot. Segara mau yakuwi Wilkataksini. Wilkataksini nguntal Anoman. Anoman polah ana ing njero wetenge Wilkataksini. Wilkataksini kuwalahen. Anoman banjur nyuwek wetenge Wilkataksini nganggo kuku wajane. Wilkataksini mati, banjur dheweke diuntahke.

Anoman kentekan daya. Dheweke diuntahake ing gunung. Ing gunung mau ana guwa. Guwa mau arane Guwa Windu. Ana wong wadon jenenge Dewi Sayempraba lagi tapa. Dewi Sayempraba mau menehi ngombe Anoman. Sawise ngombe, Anoman dumadakan dadi wuta.

Kanthi grayah-grayah nutukake laku menyang Alengka. Satengahing dalan ketemu Garudha Sempati. Mripate Anoman ditambani karo idune Garudha Sempati. Pungkasane Anoman bisa ndelok maneh. Anoman tekan dalan sing alus banget kaya karpet. Jebul dalan mau ilate Wilkataksa. Wilkataksa nguntal Anoman. Anoman banjur nyuwek wetenge Wilkataksa. Pungkasane Anoman tutug Alengka.

Dheweke tutug ana ing taman Argasaka. Ing taman mau, dheweke sesideman ing sadhuwure wit nagasari. Ing pange wit mau, dheweke ndelengi Dewi Sinta. Dewi Trijatha weruh Anoman ing dhuwur wit mau banjur nulungi Anoman. Anoman bisa ketemu karo Dewi Sinta.

Anoman banjur wenehake susup setya ludira. Ali-ali mau dijajal Dewi Sinta. Ali-ali mau lobok lan kuwi pratandha yen Dewi Sinta isih suci. Dewi Sinta banjur wenehake susuk kondene nyang Anoman. Susuk konde mau dadi pratandha yen Dewi Sinta gelem dijak bali.

Nalika metu, Anoman kadhang dening balane Rahwana. Anoman kalah. Dheweke banjur diobong. Untunge, Dewi Trijatha wenehi ngombe banyu klapa saka pandhita sing ndadekake dheweke ora kobong.

Anoman ora kobong, malang mabur gawa geni neng awake. Geni kang digawa mabur ngobong negara Alengka. Akeh prajurit mati. Banjur Anoman bali mulih saperlu sowan Rama. Ing tengah dalan, kepethukan karo Gunawan Wibisana. Gunawan Wibisana mau dijak sowan menyang Rama.


Sumber: 

Slamet. 2016. Wursita Basa Kanggo SMP/MTS Kelas IX. Klaten: CV Sahabat.
Toto dan Suci. 2019. Kawruh Basa Jawa. Pati: MGMP.




1 komentar: