Jumat, 25 September 2015

GEGURITAN "RINASA"



Pait....
Nadyan rinasa pait ing jroning ati
Paite angluwihi brotowali
Nanging bisa dadi jamu
Jamu kanggo awak kang kapilut

Kecut...
Kala-kala uga rinasa kecut
Kecute anggluwihi asem
Nanging bisa dadi sesegeran
Sesegeran tumpraping lathi kang rada slenca

Tetembungan ing jroning urip
Kala-kala rinasa pait lan kecut
Kala-kala bisa landhep angluwihi gaman
Kala-kala uga seger angluwihi sumber

Alok lan keplok
kuwi wis wataking janma
Melu alok yen ketiban begja
Melu keplok yen ketiban mala

Pait lan kecut bisa dadi tamba
Sapait-paite Jamu
Sakecut-kecute asem
Lan Sasengit-sengite wong alok lan keplok
Bisa dadi tamba
Tamba mring urip ing ngalam donya
Tamba kanggo janma kang gelem ngaca
Merga jare urip kuwi lir cakra manggilingan


Cluwak, 25 September 2015

Tidak ada komentar:

Posting Komentar