Kamis, 07 Mei 2015

PACELATHON

Pacelathon yaiku interaksi antarane wong loro utawa luwih. Ana ing kabudayan Jawa, pacelathon diatur dening unggah-ungguh. Unggah-unguh basa mau digunakake ngurmati antarane wong siji lan liyane sing diajak guneman. Pacelathon saka tembung celathu entuk ater-ater Pa- lan panambang -an.

Unggah-ungguh mau kaperang maneh dadi loro yaiku ngoko lan krama. Dening ngoko lan krama uga kaperang dadi loro yaiku lugu lan alus. Ana ing ngisor iki bu linna arep maringi tuladha babagan pacelathon. Animasi kabentuk saka komik sederhana.

Pacelathon kang migunakake ngoko lugu lan alus




3 komentar: