Senin, 27 Oktober 2014

TULADHA KARANGAN PERSUASI BASA JAWA

Tempe mendhowan punika salah satunggaling tetedhan saking tlatah Jawi Tengah. Tempe mendhowan punika nggadhahi raos ingkang eca. Tempe mendhowan caranipun ndamel ugi gampil. Namung mbetahaken bahan lan uba rampe ingkang sakedhik. Bahanipun tempe mendhowan kadosta:
  1. Tempe
  2. Terigu
  3. Sarem
  4. Bawang
  5. Brambang
  6. Mrica
  7. Lisah klenthik
  8. Toya
Bahan-bahanipun saged dipunpundhut wonten warung-warung alit ugi peken. Lajeng, menawi bahanipun sampun jangkep, sapunika dipunlajengaken caranipun ndamel. Caranipun ndamel inggih menika mekaten.
  1. Tempe dipunirisi tipis-tipis.
  2. Bawang, sarem, brambang, lan mrica dipunuleg dados setunggal.
  3. Terigu, lan bumbu ingkang dipunuleg dipuncampur kaliyan toya.
  4. Tempe dipuncemplungaken wonten adonan lajeng dipungoreng wonten lisah klentik kang sampun benter.
  5. Tempe mendhowan siap dipuncaosaken.
Tempe mendhowan paling eca dipundhahar kaliyan kopi utawi teh anget nalikanipun wayah jawah. Sugeng ndamel. Sugeng dhahar........

Tidak ada komentar:

Posting Komentar